MOJOK.COLha dikirane nek pesen panganan akeh, njuk aku iku nek belonjo bahan bakune, malih sithik apa piye?

Dadi wong sing nduwe usaha dodolan ki pancen kudu nduwe tenaga sing ora kenal kesel, ati sing jembar, lan usus sing dawa. Apa meneh nek perkara dodolan panganan matengan, warungan sing cepak sega, lawuh lan sayur sak wernane.

Masak kurang mateng, alot tur ora enak, giliran masak kematengen, ya malah ambyar kabeh, sayur sak daginge malih dadi bubur. Masak kurang bumbu rasane ya anyep, giliran kakehan bumbu ya mblekenek. Apa maneh nek kakehan uyah, malah sering dikira kepengin kawin, eh rabi.

Padahal ya ora ana hubungane to, uyah karo rabi. Lah dikirane wong rabi iku butuh uyah apa? Wong rabi lak gur butuh jodoh, sapa sing gelem dirabi, iya to? Eh kok malah ngomongi perkara rabi, wes ah, mundak akeh jomlo sing baper. Hihihi….

Lah, perkara dodolan matengan iku, uga kudu ngati-ati lan primpen anggone masak. Amarga ya rawan karo sing jenenge panganan mambu, alias basi. Ora gur bahan sing arep dimasak tok sing kudu diperhatikna, tapi carane masak uga kudu diperhatikna bener-bener. Salah sithik, njuk mambu, ya ora sido didol, malah gur gawe rugi njaba njero. Ibarate wis metu duit ora sithik, kesel blonjo, isih kesel olah-olah, ora sido bathi, malah rugi sing ndadi. Kaya ukara entek bebek entek meri, uwis entek isih tetep rugi.

Padahal kuwi nembe omong perkara masake, durung omong perkara ngadepi ‘customere’, alias sing tuku. Sing tuku iku ya nduwe acara dewe-dewe, ora kalah karo werna-wernane lawuh sing disandingke karo sega sing didol.

Ana sing senengane gur pesen sega karo lawuh garingan, sega sayur, sega sambel, apa gur pesen banyu putih tok. Njuk numpang mangan nang kana, ya ona. Werna wernane ya pada karo sing tuku, ana sing ayu, ana sing kluwus, sing lemu apa sing kuru, sing nggantheng apa sing kudu diplintheng, ya ona.

Ha piye ora kudu deplintheng, wis ngerti antri, isih ora sabar, njaluk didisikna disik dewe. Masiya tekane terakhir dewe. Apa dikira wong sing teka rono tuku mangan iku ora ana sing ngelih apa piye, kok njaluk didisikna. Dipikire sing teka nang warung mangan ki gur meh nongkrong karo mbribik sing dodol pa piye ngunu lo.

Baca juga:  Sinden Saka Awang-Awang

Sing jelas, pancen akeh ukarane, rame, kaya permen sing jarene werna-werna rasane kae.

Nanging ana siji watake wong tuku sing kadang nggawe anyel pol-pollan, yaiku wong tuku sing senengane nganyang, tur ora sabaran. Uwis ora sabaran, kok ya isih nganyang regane panganan. Masiya panganan kuwi uwis ana regane, cetho ana nang daftar menu sing nggletak nang kabeh meja. Makane ya njuk dadi nganyelke ya merga kuwi. Wis ana rega kok isih nganyang.

Heh, aja dikira, wong mangan nang warung panganan, apa pesen panganan nang warung matengan kaya ngene ora ana sing nganyang. Ana ya, ora gur siji sisan, njuk lek nganyang ya kadang nganyelke. Luwih nganyelke saka mantan pacar sing ngerti-ngerti njedul karo gebetan anyar, tenin wis.

Kaya wingi wae, ana ibuk-ibuk sing wis kulina pesen sega dus-dusan nang kene. Wong jenenge wis kulina pesen, berarti kan dekne uwis cocok karo masakane, tur ya paham rega nang kene. Ning ya dekne tetep wae isih nganyang, alesane, dekne lek pesen panganan iku akeh, ora gur sithik.

Iki lo, sing kadang aku dewe ya nggumun, la dikirane nek pesen panganan akeh, njuk aku iku nek belonjo bahan bakune, malih sithik apa piye? Kan ya ora to, ya malah tambah akeh. Tur meneh, kudune ya paham, rego-rego barang sing nang pasar. Ha wong ibuk-ibuk, kan ya mestine kadang belonjo to, masiya ora nibakna seminggu pisan lek belonjo.

Wingi kuwi, ana ibuk-ibuk meh pesen sega dus, lawuhe njaluk isi empal daging sapi, jangan bayem, tempe goreng, sambel, buah lan krupuk, ning dekne njaluk rega gur tiba mung pitulas ewu sak dus. Jarene bajete pancen gur sakmono, dadine ya njaluk rega sakmono. Tur meneh ya njaluk diskon, merga dekne pesen akeh, nganti satus dus.

Baca juga:  Saka Kesenian Rakyat Dadi Kesenian Pejabat

Jajal saiki, nek kaya ngunu iku, piye perasaanku nrima pesenane? Lak lewih perih saka entuk undangan kawinane mantan, sumpah wes, teniiinnn….

La piye, tuku daging wae, wis cetho, regone jelas larang, mestine nang pasar ya entuk rega satus punjul. Hawong ayam wae isih larang, regane isih tibo nang angka telungpuluh lima per kilo, merga ayame pada mati kademen. Ya pancene hawane lagi adem juga sih, ya mugo-mugo wae, jomlo-jomlo ora podo ndredeg merga kademen, ora an sing ngekep, eh.

Ngene wis njajal ngekei pengertian karo ibuke sing pesen kuwi, lek ngekei pengertian ya ora bedo karo ngekei pengertian pacar sing lagi cemburu kok, alus lan ngati-ati, mundak kepleset njuk njlungub. Tak omong,

“Buk, sekul rendang Padang kemawon, ingkang sebungkus isine namung daging seiris cwilik, sambel ijo sak sendok, timun seiris tipis, njuk godong telo pirang lembar, sebungkus sampun gangsalwelas ngantos nembelas ewu reginipun, mosok niki panjenengan sampun pesen sekul, rencange macem-macem, njuk njih wonten daginge mbarang, naming nyukani yatra pitulas ewu per dus, mangke kawula pripun anggere nombok?”

Jajal, ngomong kaya ngunu, apa ora wis alus. Wong aku kulina ngomong nganggo basa penginyongan sing cablaka blakasuta, kok kon ngomong sing aluse kaya putri keraton. Kuwi ilate ora kecethit wae wis apik kok.

Ning ya bakna tetep ora ngubah kahanan, ibuke tetep wae, tegar, ‘gagah dengan pendiriannya’ (halah), nolak ngekei tambahan rega, tetep wae njaluk rega pitulas ewu per dus, nganggo alesan, dekne pesenane akeh. Lah padahal, iki ora ngomong akeh orane pesenan sing mlebu. Tapi wajar orane, rega sing dijaluk.

Merga ibuke kuwi ngeyel, aku ya jelas lewih ngeyel to ya. Wong aku kulina ngulek watu kok dilawan, hih. Ya jelas langsung tak omong,

“Maturnuwun sanget, mboten usah pesen kalih kawula kemawon bilih mekaten.”

Piye, saurane manis to, ora rasa sambel kok, apa meneh nganggo rasa-h mbayar sisan.

Baca juga:  Ing Indonesia Ora Ana Kang Luwih Sekti Saliyane Wong Tani

Gek kahanan kaya ngunu kuwi, nggak pisanan kedaden. Ping bolak balik nganti waleh tur juweh. Kadang gawe gelone nemen nang ati. Gelone iku guduk merga ora sido pesen, ning gelone merga lek ngekei rega kok sakpenake dewe, sak udele dewe. Kok kaya ora ngregani tenagane sing masak, tur tresnane sing masak, piye lek nyepakne panganan sing enak.

Tur meneh, kudune kan ya mikir, jajal kana, blonjo dewe, masak dewe, njuk cepak panganan dewe sakmono wernane. Piye rasane, enak ora? Piye blonjone, entek pira? Kesel apa ora? Ngunu mosok ora mikir, wong pada wedoke kok, mosok iya nggak nate ngambah pawon, nggak nate ketemu bakul bawang apa lombok, kan ya ora mungkin.

Apa susahe to, dadi menungsa, ki ya ‘memanusiakan’ wong liya, ngregani wong liya lek kepengin diregani. Aja mung njaluk diregani ning kelakuane nggapleki. Pancene bener, ana pribahasa, jare ‘pembeli adalah raja’, ning ya apa raja kuwi lek tuku panganan bathi ora sepira nganggo nganyang tah?

Tur meneh, karuane, kabeh wong kepengine ya entuk panganan enak, resik, tur murah regane. Tapi ora njuk dadi lek nganyang rega panganan nganggo acara nggelani ati to? Wong dodolan, ya pancene butuh wong liya kanggo nukoni. Ning wong tuku ya pada, tetep butuh ana wong sing adol barang sing deweke karep lan butuh. Ibarate ya saling melengkapi, jare prinsip ekonomi ana ‘demand’ ya ana ‘supply’.

Lah, nek wis kahanan kaya ngono, apa ya patut. Wong pada butuhe kok ora gelem ngregani siji karone dadi menungsa, ora to? Ora jare awakmu nduwe duit, njuk isa sakkarepe dewe tumindak ora patut karo wong liya. Hawong ngene lek dodolan ya pancen golek bathi. Tapi kan ya ora sepiro, merga kadang wong dodolan matengan iku ora ngitung tenaga sing metu kanggo masak, nganti lali macak.

Mulakne, ya, Lur….

Nang Taman Bungkul pas dina prei, jare bakul ora tau rugi.

Nggawa roti karo jeli, bathi rugi ora ana sing ngerti.