Becer Nganggo Duit Satus Ewu Baen Dadi Rame

MOJOK.COGara-gara Sandiaga kepethuk Bu Lia sing curhat duit satus ewu mung olih Lombok karo brambang, thok. Emak-emak dadi padu dhewe.

Sing jenengane obrolan emak-emak, jaman saiki, jiyan, wes kekinian pisan pokoke. Ora jere-jere nek perkara ana berita sing anget, apa gosip teranyar. Kaya nek mung perkara ana randa anyar neng pojok komplek baen dadi bahasan sak kampung.

Wingi padha heboh, ora trima, ora mung neng media sosial, tapi uga neng umah. Pas becer (blanja) sayur, pada rasan-rasan, apa sing lagi hits neng tipi, neng berita, karo sosial media.

Mulai sekang omongane Pak Sandiaga Uno, sing crita jare kepethuk karo sing jenenge Bu Lia. Terus Bu Lia curhat maring Pak Sandiaga, jare maring pasar nggawa duit satus ewu, bali mung olih lombok karo brambang.

Apa-apa larang, mulane Bu Lia dadi padu karo bojone. Wong bali becer mung olih lombok karo brambang thok. Lah anak bojone arep dimasakna apa kanggo mangan. Urung maning, Pak Sandiaga uga ngomong, nek tempe saiki tipise kaya kartu ATM.

Omongane Pak Sandiaga ya jelas nggo guyon neng emak-emak sing lagi becer neng tukang blanjan karo ngrumpi. Lah kepriben ora nggo guyon, wong nyatane beras ya sekilo ana sing rega 9 ewu, 10 ewu, 11 ewu. Kuwe dudu beras jatah sing akeh tumane, tapi beras C64, sing rupane resik, mlesnong kaya model metu sekang salon.

Urung maning perkara sayuran karo bumbu-bumbu, sing pancene regane ya ora munggah ora mudun, esih stabil. Lombok maning malah lagi mudun, wong ayam baen regane uwis mudun. Sing mredeh urung gelem mudun regane kiye mung endog, esih baen, neng kisaran rega 22 ewu.

Nek tempe si ya, pada baen bentuk karo ukurane, urung nganti setipis ATM. Kecuali Pak Sandiaga maring Purwokerto ngeneh, jelas nemu akeh tempe sing tipise kaya ATM, ning kemriyuk pisan nek dipangan, jenenge kripik tempe. Ya mbok Pak Sandiaga ora ngerti, nek Purwokerto kiye kota kripik.

Mendoane ngene ya tipis, ning ya ora setipis ATM lah. Esih mandan kandel sethithik, apa maning nek digoreng kan ya nganggo glepung, dadine mandan kandel maning. Lagian, ngiris tempe nganti setipis ATM ya ora gampang lah, ora teyeng diiris, mbrodol neng tengah dalan lah iya.

Jal ngeneh Pak Sandiaga, maring Purwokerto. Ngko tek gorengna tempe mendoan, anget-anget karo lombok cengis, tek tambahi dage goreng ya kena lah. Urung tau mbok, ngrasakna dage goreng?

Dage kiye sejenis tempe gembus, nek neng daerah wetanan, Nek neng daerah kulon ya oncom, padha-padha ampas tahu, ning sejen-sejen rupane. Nek oncom rupane oren, nek gembus warnane putih, nek dage warnane ireng. Neng ana semu legine sethithik, mulane nek digawe kripik, sok pada salah mbedek, dikirane kripik paru, padahal mung dage. Hahaha.

Sing nyong ora seneng sekang omongane Pak Sandiaga kuwe dudu apa-apa, tapi terus dadi perkara dawa. Ibarate kricikan dadi grojokan, perkara cilik, dadi gedhe, padahal ora ana dasare.

Ora trima mancing emak-emak sing krasa kudu pamer daftar blanjan nang media sosial (termasuk nyong si hihihi), ning terus pada gawe ontran-ontran liane. Nggoblok-nggoblokna sing jenenge Bu Lia kuwe. Nyambung-nyambungna perkara emak-emak sing nyambut gawe karo sing nganggur jegur (jarene nganggur, apa nggane neng umah mung mangan turu thok) mung trima nafkah sekang bojo thok.

Ana sing komentar, jere Bu Lia goblok nemen dadi wong wadon. Becer nganggo duit satus ewu kok olihe mung lombok lan brambang thok. Ana maning komentar sing jere mulane dadi wong wadon kiye kudu ngerti nggolet duit mbarang. Ben ora mumet nek bojo mung aweh duit satus ewu ben dino nggo becer. Terus dadi rame, heboh maning, padu maning, antarane emak-emak omahan vs emak-emak kantoran.

Sing jare emak-emak jaman siki kiye kudune teyeng kerja kantoran, kekinian. Nek ora ya usaha apa, dodolan onlen apa ngapa ngono. Ben ora ngedeng baen karo bojo. Emak-emak liyane ya jelas ora gelem kalah, ngomong nek istri sholehah kuwe kudune ya mung trima nafkah sekang bojo, sementara deweke fokus ngopeni anak bojo lan umah. Wong tanggung jawab nggolet nafkah kuwe tanggung jawabe wong lanang.

Kuwe nembe sethithik, padahal padune, congkrahe, ora kalah rame karo tanggapan ronggeng neng alun-alun kabupaten. Mung bedane nek tanggapan ronggeng kuwe ramene nang ndunya nyata, nek kiye ramene neng ndunya maya.

Kaya kuwe kan malah dadi ora apik mbok, padahal Pak Sandiaga kuwe, temenan ketemu Bu Lia, dicurhati temenan apa ora kan ya ora ngerti mbok? Kok dadi kedawa-dawa ula, kaya iklan coklat plastikan sing jere panjang dan lama. Nggawe congkrah se-Indonesia raya sisan.

Mulane Pak Sandiaga, ngesuk maning, nek arep ngomong ya mandan depikir sethithik lah. Aja entheng nemen kaya nggotong krupuk se-blik. Daripada rika nggawe gosip ora jelas sing nggawe padu wong liya, mbok mending mikirna kae, akeh emak-emak sing boro-boro teyeng becer sedina nganggo duit satus ewu, wong teyeng mangan sega uyah sedina ping telu baen wis apik pisan.

Teyeng mbok, Pak?

Exit mobile version