MOJOK.CONgelmu pesantren lan ngelmu sekolahan iku pada-pada utamane. Kabeh duwe keutamaan dewe-dewe, iso dadikke peparek marang Pengeran.

Pancen tak akoni yen kampungku iku kelebu kampung sing masyarakate relijius banget. Yo iso uga diarani kampung santri. Lah piye, wong pancen rata-rata bocahe iku ning pesantren. Ana sing lulus SMP langsung nyantri, lulus SMA lagek nyantri, malah ana sing kawit lulus SD wis dilebokke wong tuwane ning pesantren.

Jane jaman saiki iso wae mlebu pesantren sing ana sekolah umume. Tapi modele wong kampungku iku kudu milih salah siji. Yen pengen sekolah yo sekolah thok. Yen pengen ngaji yo kudu nyantri thok, ora entuk nyambi sekolah.

Ana rong alesan. Siji, merga alesan biaya. Sebab misale sekolah karo mlebu pesantren, mesti biayane luwih gedhe. Dadi para wong tuwa ngongkone milih salah siji wae ben ora kabotan olehe biayani. Loro, ben fokus ning salah siji bidang wae. Masiyo jan-janae alesan sing nomer loro iki mung kanggo nutupi alesan nomer siji mau.

Tapi rata-rata wong kampungku luwih milih nglebokke anake ning pesantren, merga biayane luwih cilik, tur ya wis dadi cita-cita umum ning kampungku duwe anak sing pinter ngaji, iso maca kitab kuning. Dadi cacahe santri ning kampungku jelas luwih akeh ketimbang bocah sekolahan.

Baca juga:  Janjane Wong Jasa Ekspedisi Iki Maca Tulisan ‘Fragile’ Ning Paket, Ora Sih?

Nah, minangka salah sijine cah sekolahan sing cacahe ora akeh mau, aku kok digawe gela karo salah siji kancaku sing nyantri.

Perkarane ngene, kok iso-isone aku disindir, yen ngelmu pesantren (ngelmu akhirat) iku luwih utama ketimbang ngelmu sekolahan (ngelmu donya). Wah yo jelas aku tersinggung, to.

Dasare kancaku ngomong mengkono yaiku, ngelmu pesantren nyata-nyata ngajari wong piye carane ngibadah sing bener, ngaji sing bener, piye carane dadi wong sing apik tur soleh, lan nyinahoni hukum-hukum lan amalan-amalan ning jero agama. Dianggep luwih utama merga ketok mata yen ngelmu akhirat iku ngajak wong ngelakoni apik, lan sing paling utama; peparek ning Pengeran.

Terus anggepane ning ngelmu sekolahan, kancaku ngarani yen ngelmu sekolahan iku terlalu sekuler. Ora ana agamis-agamise babar blas.

Tuladhane ngene, nalika sinau ngenani gaya gravitasi, awak dewe mung dikandani yen buah ceblok teko wit iku merga anane gaya tarik bumi. Utawa misale, anane awan lan bengi iku jalaran anane rotasi bumi, lan sak piturute.

Lah karepe kancaku iku mau, kudune terang-terangan diajari yen kabeh kedadian ning alam iki ora luput teka kuasane Pengeran.

Teko kene kancaku langsung nyimpulke, pokoke ngelmu pesantren luwih utama ketimbang ngelmu sekolahan. Malahan, kancaku iki wani nyebut yen cah-cah santri iku manungsa-manungsa pilihan. Sebab diwenehi kesempatan kanggo melajari ngelmu-ngelmune Pengeran.

Baca juga:  Prekara Gendera Ireng lan Wetone Jokowi-Prabowo

Nah, iki sing gawe aku ora sepakat. Mungguhku, ora ana sing luwih utama teka rong ngelmu kasebut. Loro-lorone pada utamane, loro-lorone pada apike. Lan sing paling penting, loro-lorone iku ngelmune Pengeran. Lah umpama sing disebut ngelmune Pengeran iku mung ngelmu pesantren thok, wah kok kaya-kaya cethek banget to ngelmune Pengeran iku.

Ngelmune Pengeran iku saking akehe, digambarke umpama segara ditumplek dinggo tinta, wis mesti ora bakal nyukupi loh kanggo nulis ngelmune Pengeran. Dadi, ora mung ngelmu pesantren, ngelmune Pengeran iku yo ana ning ngelmu Sekolahan.

Soale ngene, Lur, yen ngelmu pesantren luwih utama lan luwih penting, terus kabeh wong jegur ning kono, bayangke wae, ora ana wong sekolah kedokteran umpanae. Lak ora ana sing dadi dokter, terus sing bakal nambani wong lara sopo?

Yo bener lara lan waras iku sing gawe Pengeran. Tapi salah siji perantara kanggo maraske wong iku kan dokter ngunu, loh. Uga contoh-contoh liyane. Dadi, antara ngelmu pesantren lan ngelmu sekolahan iku ora ana sing ngungkuli salah sijine. Kabeh duwe keutamaane dewe-dewe, ora perlu dibanding-bandingke.

Oh yo siji maneh. Babagan agama, sing penting iku kan outpute to. Iso diarani relijius apa ora iku kan didelok saka olehe natrapake nilai-nilai agama ning kehidupan sehari-hari.

Agama iku prinsipe kan ngelakoni kebecikan lan kemanfaatan marang sepada-pada, to. Kanjeng Nabi dewe sampek ngendhikan, “Becik-becike manungsa iku sing manfaati marang manunga liyane.”

Baca juga:  Zonasi Sekolah itu Makanan Apa? Tanya Ortu yang Mondokin Anaknya ke Pesantren

Nah, yen mengkono, opo wae sing teko ngelmu sekolahan sah-sah wae diarani relijius. Tuladha sing gampang yo dokter iku mau. Dokter iku sedina-dina nambani wong lara. Dadi perantarane Pengeran kanggo nulungi wong liya. Kurang relijius piye jal? Masiyo ora tahu sarungan lan kopiyahan.

Lan semono uga tuladha-tuladha liyane. Uga sah-sah wae diarani manungsa pilihan. Merga diwenehi kesempatan karo Pengeran kanggo nyinahoni ngelmu sing akhire iso nulungi wong akeh.

Malah dadi masalah umpama ana cah pesantren sing ngelmu agamane mung nyantol ning uthek, nanging ora nrencep ning ati, ora diamalke ning kehidupan sehari-hari. Bocah pesantren sing ora iso natrapke kebecikan lan kemanfaatan marang sepada-pada, opo yo pantes diarani relijius? Sing relijius busanane, tapi ora tindak-tanduke. Relijiuse mung atribut. Lak iyo, to?

Mula, uwis yo, tak tegesi maneh. Ngelmu pesantren lan ngelmu sekolahan iku pada-pada utamane. Kabeh duwe keutamaan dewe-dewe. Sing paling penting, piye akhire ngelmu-ngelmu iku diterapke dadi lakuni urip sing sesuai karo nilai-nilai agama. Lan tentune iso dadikke peparek mareng Pengeran.

MONGGO KULO ATURI MAOS Vaksin Gratis Kanggo Masyarakat DIY Dibayari Danais? lan seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.