MOJOK.CODina Riyaya biasane dadi kesempatan dinggo silaturahmi lan nglumpuke seduluran. Mung silaturahmi kuwi aja didadikna ngarep-arep sangu loh, ya.

Ati krasa seneng banget yen weruh kahanan ing Dina Riyaya. Mesjid ing panggonan ngendi wae katon reja. Bocah-bocah gemebyar nganggo sandhangan anyar. Kabeh padha nglumpuk karo sanak kadang ing omahe wong sing dituwakake sakwise mulih saka Salat Idul Fitri. Ana sing budhal ziarah menyang makam, uga ana sing nglumpuk sarapan bareng keluarga besar.

Sing tuwa-tuwa uga katon sumringah ing Dina Riyaya. Wiwit seminggu utawa telung dina sakdurunge Riyaya, kabeh padha repot nyepakake apa-apa sing arep diparingake marang tamune. Ibu-ibu padha masak masakan legendaris keluarga kayadene opor, lonthong, pecel, soto, lan liya-liyane. Nyamikan kayadene rempeyek, rengginang, lan intip malah sok kadhang padha digoleki sedulur-sedulur saka kutha sing padha mara silaturahmi.

Silaturahmi pancen bisa ndawakake umur lan nglancarake rezeki. Mula, lumrahe dadi wong Islam kuwi kudu sregep anggone nyambung paseduluran kanthi silaturahmi. Silaturahmi becike ora mung yen Idul Fitri utawa Dina Riyaya, ananging uga sewayah-wayah yen ana kesempatan.

Sakliyane kuwi, silaturahmi nduweni tujuan supaya ngraketake generasi sing enom lan tuwa. Aja nganti anak lali wong tuwa, putu lan buyut lali simbahe. Lak ya bahaya yen nganti ucul tali pasedulurane. Aja gumun yen saiki akeh sing ora kenal marang pakde-mbokde, paklik-bulik, apa maneh ponakan adoh. Uga akeh sing ora ngerti jenenge simbahe dhewe, kamangka saben taun diparani lan oleh sangu. Kebangetan tenan, ta?

Ing jaman saiki, nyambung paseduluran akehe dilakoni ing Dina Riyaya amarga kesempatan sing ora ana. Akeh sanak kadang sing omahe adoh uga wektu mepet merga gaweyan lan sekolah. Kuwi ya ora apa-apa sing penting nduweni karep becik tinimbang ora babar blas.

Baca juga:  Meski Modal Pas-pasan, Cak Imin Minta Caleg PKB Tetap Optimis

Kahanan padha kumpul karo sanak kadang ing Dina Riyaya lumrah ing ngendi wae utamane ing Indonesia. Saiki kaya-kaya wis dadi budaya. Ana maneh sing diwadhahi kanthi jeneng halal bihalal. Para sedulur kumpul kabeh. Njaluk lan aweh pangapura. Anak mulih ing omahe wong tuwa. Semana uga sedulur-sedulur enom, padha mara ing omahe sing tuwa-tuwa.

Ora mung mara kanthi tangan kosong, budaya silaturahmi jaman saiki diembel-embeli karo sing jenenge sangon-sangon utawa aweh dhuwit marang liyan, lumrahe cah cilik-cilik. Sing enom menehi uba rampe kayadene gula, teh, roti, sirup, lan maneka werna panganan. Sing tuwa aweh dhuwit marang bocah-bocah cilik.

Aweh kuwi ora kudu ngenteni sugih utawa nduwe akeh. Aweh kuwi kudu nganggo rumangsa, tegese kudu ngerti kemampuane dhewe-dhewe. Senajan sithik, yen diniyati kanthi becik, mesthi bakal nekakake kabecikan. Ananging ya aja pasrah bongkokan alias yen ora nduwe banjur ora usaha. Kuwi jenenge salah kaprah. Apa-apa kuwi kathi usaha lan donga. Lha, perkara hasil akhire, Gusti Allah sing bakal maringi. Manungsa kudu nrima.

Kenyataane, sing marakake isin kuwi yen weruh kahanan nalika para nom-noman lan anak bojone mara menyang omahe wong-wong tuwa tanpa aweh apa-apa. Sanajan tujuane becik lan ora kleru, ananging kaya ngene iki dianggep saru sithik apa maneh yen wis mbudaya. Amarga, sejatine, ora ana wong tuwa apa maneh ing Dina Riyaya sing tega ora sangon-sangon marang sanak kadang. Mosok sing enom ya tega ora paring apa-apa. Lak ya saru lan wagu.

Baca juga:  Ketika Hari Raya Jadi Hari Rekonsiliasi Keluarga

Mula, para nom-noman, aja nganti ajang silaturahmi ing Dina Riyaya dadi budaya njaluk sangu. Apa maneh yen nyata-nyata sing diparani kuwi wong tuwa sing wis ora nduwe gawean. Bocah nom kudune isin. Kudune, dheweke sing aweh sedekah ora malah sing nampa. Padahal jelas, tangan sing ning ndhuwur kuwi luwih becik tinimbang tangan sing ning ngisor.

Apa maneh yen nganti ajang silaturahmi sing kudune dadi penyambung seduluran kuwi dadi ajang ngemis. Yen ngene wis ngeri tenan. Umpama bocah cilik kulina ngarep-arep sangu kamangka ora kenal karo sing menehi, rak ya cilaka. Tujuane silaturahmi gagal total. Ora raket sedulure, ananging mung ngarep dhuwite.

Bocah-bocah uga kudu diajari ora ngarep-arep pesangonan. Bocah cilik kudu diajari aweh tinimbang nampa. Nampa kuwi uga oleh, ananging nonton-nonton sapa sing menehi. Yen sing menehi kahanane luwih ngisor tinimbang dheweke, lumrahe ora usah ditampa amarga sing aweh kuwi mesthi luwih mbutuhake.

Semana uga, sing tuwa kudu aweh conto babagan aweh. Paring sedekah kuwi tujuane kudu pas lan bener. Ora oleh nyasar. Apa maneh yen sengaja disasarke. Mundhak ora ana faedahe.

Paring sedekah sing tujuane becik, kudune tepat sasaran. Apa maneh sedekah kuwi bisa kanggo ngresiki bandha, supaya berkah lan manfaat. Sakliyane kuwi, sedekah sing tujuane uga kanggo nyambung silaturahmi, kudune ora malah dadi barang sing ora migunani. Ngeri maneh, yen kabeh mau jalaran saka gengsi marang sing ditekani.

Silaturahmi kudu kanthi niyat sing resik supaya bisa ngresiki ati. Aja nganti bab-bab sing ora migunani kayadene pakulinan ngarep-arep sangu dadi ngregeti silaturahmi kuwi mau.



Loading...



No more articles