MOJOK.CONalika ana kabar covid-19 mlebu Indonesia banjur ana aturan lockdown, mesthi wae padha piya-piye opo meneh pas sasi pasa.

Ya genah, wong nganti umurku sing arep genep telung puluh taun iki, ngerteni istilah lockdown ya lagi taun iki. Apa maneh nalika virus covid-19 kuwi mau nyatane nganti teka Sragen, kabupatenku.

Wis sumelang, sedhih mesthi wae. Sasi pasa 2020, rasane bungah nanging susah. Waspadha wis mesthi dilakoni. Ora kakean metu kepethuk wong liya utawa dolan ing saben panggonan sanajan ngampete kaya ngampet ning wc. Apa maneh nduwe anak cilik kaya aku, sing sewayah-wayah ngajak metu utawa dolan.

Kanggo ibu-ibu kaya aku sing padatane metu saka omah, sanajan mung ning pasar, Perpusda, utawa dolan nggone simbah, mesthi wae jeleh amarga ana kahanan kaya ngene. Apa maneh menehi ngerti marang bocah sing lagi wae TK.

Yen bocahe ngotot dolan banjur dak kandhani, “Lagi ana corona, Le. Ora oleh lunga,” terus anakku banjur mangsuli, “Ibuk iki lho, apa-apa corona. Apa-apa corona. Coronaaaa terus!” Aku mung mesem, Lur.

Dak menehi ngerti kanthi alon-alon, masalahe bocah semono kuwi durung gampang nangkep apa sing jenenge virus apa maneh lockdown. Ngertine mung sekolah, ngaji, jajan, karo dolan.

Ya mung wae, sing krasa angel tenan kanggo ibu-ibu kaya aku, nalika ngajari bab sekolah ing omah. Sing padatane padha sinau ing sekolahan, wis meh sesasi kudu sinau ing omah. Kadhang kala marakake aku mumet merga bocahe ora manut, ora gelem nggarap tugas sing diparingake Bu Guru. Durung maneh yen wis nyekel hape. Sedina-sedina ora gelem ucul.

Baca juga:  Menuntaskan Rindu di Kampung yang Ada Halamannya

Padatane akeh acara ing sekolahan utawa TPA sadurunge sasi pasa. Mboh kuwi ra ketang jalan-jalan utawa pawai Romadhon, lomba, utawa buka bersama saben dina ing mejid, banjur salat tarawih berjamaah.

Aku dhewe seneng banget yen sasi pasa, Lur (ya iyalah, wong Islam ngendi wae ya mesthi seneng) amarga anakku sregep tenan yen kon melu buka bersama ing mejid. Sakliyane bisa srawung kancane, uga nglatih mental, aku dhewe ora kakean ruwet yen wayah buka.

Ngerti dhewe, bocah seumuran TK kuwi akeh polahe. Apa maneh bocah lanang pas sasi pasa. Aku malah nate ngguyu taun wingi nalika njemput dheweke ing mejid. Dheweke lagi maem karo sega kucing. Kringete gobyos, banjur matur karo ibune, “Mantep tenan, Buk, maem karo sega kucing.”

Kuwi kabeh sing marakake aku kangen karo sasi pasa. Apa maneh, pasa iki mesthi wae mlaku ora kaya lumrahe. Yen biyasane wong-wong pathing sliwer golek bukan ing wayah sore, mesthi wae pasa taun iki beda, ora rame amarga ana aturan jaga jarak (physical distancing) saka Pemrentah. Ora ana swara bocah ngaji lan buka bersama nalika surup. Apa maneh rame-rame menyang mejid. Yen ana, mesthi mung sithik, tur ya kudu jaga jarak nalika salat.

Yen kahanan kaya ngene ora rampung-rampung, mesthi wae sasi pasa taun iki sepi nyenyet. Ditambah, ora ana wong saka paran sing mulih. Kabeh padha ngibadah ing omahe dhewe-dhewe. Apa maneh yen nganti dina Riyaya mengko, lak ya kojur tenan….

Durung maneh masalah sijine sing lagi hits. Para tahanan dibebasake. Miturutku, kuwi salah sijine kebijakan sing ora pas. Cara bodhone, wong sing ning omah wae jelas-jelas angel nyambut gawe, akeh PHK, angel golek pangan, lha kok malah ngeculake tahanan. Ora kok arep curiga, nanging kasunyatan ing lapangan, akeh maling sing saba ing panggonan ngendi wae.

Baca juga:  Guyonan Virus Corona dan Akal Kiyowo Kita Sebagai Umat

Yen ngene lak ya masalah siji durung rampung, njedhul masalah liyane. Sasi pasa sing kudune ayem, tentrem kanggo ngibadah, luru kabecikan, lan ngakehi ngamal, malah sansaya ngeri karo kahanan. Sanajan tenguk ning omah, nanging was-was terus. Ngibadah ning omah ya kudu ngati-ati. Aja-aja nalika ditinggal salat utawa ngaji, ana maling sing beraksi.

Ing kampungku kene wae, wektu iki ana rondha giliran. Bapak-bapak saben wengi giliran njaga keamanan kampung. Sewengi-sewengi ana sing jaga ing rondhan uga ana sing kliling kampung ngecek kahanan. Para taruna mudha uga njupuk bagiyan. Kabeh padha sengkuyungan ngadhepi bencana loro sekaligus; pagebluk karo maling.

Welingku, Lur, sanajan ngibadah ing mejid kuwi becik, nananging ing kahanan kaya saiki, luwih becik yen tetep ing omah wae. Sakliyane njaga awak saka covid-19, uga njaga omah sing sewayah-wayah bisa wae diinceng bebaya.

Ora kok mentingake bandha, ananging nuruti aturan Pemrentah lan ulama kan luwih becik, luwih manfaat kanggo awake dhewe uga wong liya. Sejatine manungsa mung bisa usaha, ndonga, banjur pasrah marang Gusti Allah. Mula, aja padha leren anggone nyenyuwun pas sasi pasa iki, muga wae kahanan kaya ngene gek ndang ilang, bali kaya padatan.

WOCONEN IKI Dilema Milih TK Sing Ruwete Kaya Milih Calon Mantu utawa tulisan sak liyane in rubrik RERASAN.