MOJOK.COMunggah kaji iki ragate ora sithik. Ora mung kanggo budal ning Mekkah e, tok. Tapi ya, acara maneka werna sing ngiringi sak budhal lan mulehe. Jan, luar biasa tenan sing isa budhal.

Sasi April wingi, salah siji kancaku gawe status ning Facebook perkara umrah. Pancen, dheweke kuwi anake sing nduweni Biro Perjalanan Haji sing wis kawentar ing tlatah kabupatenku kene. Mula, pengalamane bab kaji lan umrah kaya-kaya wis nglothok, wis apal kabeh. Lha piye, wong dheweke kuwi dadi pembimbing junior ing birone dhewe kono.

Poto-potone nalika ndhampingi jamaah umrah lan kaji ya pating sliwer ing media sosiale. Saben kegiatan apa wae, banjur diposting ing Facebook utawa YouTube. Kayata nalika ngeteh ing Kota Thaif, ziarah ing makame Kanjeng Nabi, persiapan wukuf, nganti tutorial nggunakne toilet ing pesawat. Kadang wae, weruh postingane kuwi garai jiwa misqueenku tersentil.

Statuse kancaku kuwi mau ngabarake menawa ana salah sijine jamaah umrah sing pagaweyane tukang becak. Njuk aku eling karo sinetron sing judule “Tukang Bubur Naik Haji” jaman mbiyen kae. Sing garai aku banjur maca statuse kuwi mau, pas tak scroll, ndilalah tukang becak kuwi mau tunggal sak kampung karo aku, sanajan omahe adoh.

Si kancaku kuwi mau nulis, menawa dheweke trenyuh ngerteni ana tukang becak sing bisa nyelengi pengasilane kanggo budhal umrah. Padahal akeh sing pengasilane luwih akeh, ananging durung nduwe greget celeng-celeng kanggo lunga menyang Mekah. Banjur aku komen ing status kuwi mau, kandha yen tukang becak kuwi mau tanggaku dhewe. Njuk aku ngomong, yen ing kampung kuwi, saiki wis akeh tukang-tukang liyane sing munggah kaji. Pakdhe lan Budheku dhewe sing petani tulen, nyatane ya bisa umrah Januari wingi.

Teka kene, aku njuk krasa yen mungkin wae sinetron “Tukang Bubur Naik Haji” kae sanajan critane rodok lebai, sing menehi greget tukang-tukang liyane supaya menyang Mekah. Utawa walikane saka kuwi, sinetron kuwi pancen ditulis merga ana critane wong cilik sing munggah kaji. Sapa ngerti kan malah tukang-tukang liyane padha nyusul dadi artis merga mengko ana sinetron Tukang Becak Naik Haji, lan liya-liyane.

Baca juga:  Ing Indonesia Ora Ana Kang Luwih Sekti Saliyane Wong Tani

Aku yaqueen, menawa crita sing sumebar ing ngendi wae babagan tukang-tukang seantero donya kuwi mau mesthi garai baper, trenyuh, lan gumun. Buktine nganti dadi senetron barang, ta? Nanging ngertiya, ana perkara sing luput saka perhatian, sing ora kabeh wong ngerti.

Masiya dadi petani, buruh, utawa tukang, ragat budhal ning Mekah kuwi nyatane ora mligi saka pagaweyan kuwi mau. Sebagian pencen saka celengan pagaweyane, nanging ya akeh sing dodolan sawah utawa kebon nggo ragat munggah kaji utawa umrah. Aku njuk mikir lan penasaran, kenapa ora wiwit nom-noman padha daftar kamangka wis padha nduwe sawah lan kebon wiwit mbiyen? Yen ngono kan ora perlu suwe-suwe antrine.

Sak jero-jerone pikirane wong enom kaya aku iki, nyatane isih kalah jero karo sing tuwa-tuwa. Nalika aku takon budheku dhewe misale, dheweke ngendikan menawa isih mikir nasib anak putune menawa dheweke dodolan lemah. Sakliyane kuwi, yen sak ngertiku, pancen wong munggah kaji utawa umrah kuwi kan kudu mikir nasibe dhewe sak bubare ngibadah. Ora oleh yen nalika mulih ngibadah ora bisa nyukupi kebutuan uripe dhewe. Yen ngono kan malah ora mberkahi.

Jaman cilikanku, munggah kaji kuwi pancen hal sing luar biasa. Sak liyane mbayare larang, antrine ya akeh kaya gerbong sepur. Ibarate, daftar nalika anake mlebu SD, nganti lulus lagi oleh antrian. Durung maneh maneka werna acara sing ngiringi sak durunge budhal kaya pamitan lan pengajian. Ora mokal, yen kabeh mau mbutuhake dhuwit akeh.

Yen digagas, pengajian lan pamitan kuwi ora wajib. Nanging, perkara sing maune ora wajib, yen wis dadi tradhisi ki yen ora ana, ya ora marem. Padahal ngertiya, pamitan kuwi akehe ngundang sanak kadang. Mesthi wae karo disuguh panganan sing ragate ora sithik. Mumet ora kowe?

Baca juga:  Tren Latah Judul Sinetron dan FTV Indonesia yang Kian Memusingkan

Nanging aja dipikir eleke thok, Sodaraaa. Pamitan lan pengajian kuwi sejatine kan njaluk donga pangestu supaya sing budhal pinaringan wilujeng slamet wiwit mangkat teka bali. Masiya ragate akeh, ya kudu diutamakne.

Ing daerahku kene wae, nalika tradhisi pamitan, sak liyane aweh donga pangestu kanggo sing budhal, ya padha njaluk didongakne ing Mekah kana. Misale sing durung nduwe anak, durung ketemu jodone, uga sing nduweni kekarepan liyane. Kabeh mau amarga donga-donga ing Mekah kana dipercaya mustajab. Mula, nalika ana sing arep budhal Mekah, tangga teparo padha sengkuyungan mara lan ngiringi budhale. Malah ana sing nganti nyater montor kanggo ngiringi teka bandara.

Wingi malah ana brita ing Jawa Timur kana, ana sing jenenge pager perpisahan. Pager kuwi mau ana ing bandara sing misahake jamaah sing arep budhal karo wong-wong sing ngiring. Nganti ana sing direwangi nginep ing bandara kono. Jan, jan, luar biasa….

Krungu crita-crita kaya ngono kuwi, kanggo aku sing isih piyik iki kadang krasa isin. Lha piye, kahanan para tukang-tukang sing akehe wis tuwa-tuwa, pranyata bisa sowan menyang Mekah. Lha aku sing isih enom lan nasibe ya ora elek-elek banget iki, kok durung nduwe celengan apa-apa. Yen kepinginan kuwi tak kira kabeh wong islam nduwe, nanging ya kudu realistis. Ora bakal teka yen ora kathik ragat.

Yen mungguhku, crita-crita kaya ing dhuwur kuwi mau pancen kudu sering dibagi. Supaya generasi mudha eling, ora leha-leha nuruti kesenengan thok tanpa nduweni greget ngibadah. Sanajan ngibadah umroh utawa kaji kuwi ora murah, sapa sing ora kepingin nggenepi rukun Islam? Ya, ta?



Tirto.ID
Loading...

No more articles