MOJOK.CO Jarene bom ing Surabaya wingi ditindakake wong sing ora duwe agama. Apa wong sing ora duwe agama iki maksude agnostik? Eh kok ndadak gawa-gawa agnostik toh?

Anane bom ing saweneh panggonan ing Surabaya kala wingi mung nambahi gethingku marang wong-wong sing nampik kadadean nggegirisi iku. Piye ora gething? Wong jare sing ngebom mono ora duwe agama. Njuk agnostik ngunu? Mosok?

Wong sing nyata-nyata ora nggilut agama meneng-meneng mung bisa ngelus dhadha. Mung amarga ora nggilut agama kok banjur dituduh teroris? Embuh padha mbudheg apa micek kok padha nulak kasunyatan yen sing ngebom greja ing Surabaya cetha wela-wela duwe agama, kapara tangat ngibadah. Dening tangga-teparone malah terorise karan kumakaruh (sumanak). Bokmanawa ora legawa menangi kasunyatan pait iku, sangsaya ndadra paidone sawise ngonangi sing ngebom jebul nunggal agama karo dheweke.

Dudu ngilo marang kaanane wong-wong sing nunggal agama, malah nuduh wong sing seje kapitayan, dalah bangga (denial) yen ana masalah ing carane para nggilut agama mau nepsirake agamane. Bokmanawa karepe “mbélani” agama, nanging malah kaya rai gedheg. Ora mokal, wong sing rumangsa waras milih sumingkir, kapara cucul agama.

Aja dadi gumunmu yen saben ana geger lan padudon bab agama ing ngendi wae ing jagat iki, wong-wong sing cucul agama mundhak. Alesane sing lumrah iku agama dalah tepsirane sok ora mlebu nalar. Carita-carita bab pangeram-eram (mukjijat) mung dianggep dhongeng sing asline kanggo nglipur ati wong-wong jaman kuna. Alesan liyane iku amarga tepsiran agama sok njalari geger. Contone tepsiran sing nuntut owah-owahaning tatanan (radhikal) supaya nagara dadi lelandhesan ukum agama tinamtu. Ana maneh alesane ya iku wong bisa kedanan utawa fanatik (ekstrim) amarga agama, banjur meksa wong liya supaya melu karepe. Sabab-sabab mau temtu njalari ora tentreme kaanan lan ora jenjeme ati tumrap saweneh wong, sing dibacutake kanthi cucul agama amarga wis rumangsa ora jenjem karo sing dipitayani.

Baca juga:  Sandyakala Sinoman, Pasukan Sunggi Baki sing Mulai Ora Payu

Geger bom njeblug ing Indonesia sasuwene iki ditindakake wong-wong sing duwe agama. Wong-wong mau rumangsa tumindake iku bener manut tepsirane marang agamane. Sing dipengini saka gegeran iku temtu owah-owahaning tatanan supaya manut “ukum agama” versi golongan tinamtu. Tuntutane mau diyakini bakal ndadekake peprentahan sing tata tentrem karta raharja versi golongan mau. Sanajan gegayuhane mau kaya muluk-muluk, nanging jenenge wong kedanan, apa-apa sing ngalangi kekarepane ya bakal ditrajang.

Temahane, saweneh wong liyane sing nunggal agama, sing ora nyana agamane bisa nuwuhake tepsiran sing mbebayani, banjur cuwa atine. Tinimbang duwe rasa salah amarga nunggal agama karo para teroris, aluwung salin jatidhiri. Tundhone padha golek cekelan liya sing bisa njalari jenjeme ati.

Ana saweneh kancaku cucul agama amarga gelane marang tepsiran-tepsirane agama. Salah sijine kancaku malah tau kedanan agama sadurunge milih cucul agama. Celuk wae Bunga. Jare dheweke, wong kedanan agama rumangsa kaya ora duwe dosa lan rumangsa dadi utusane Gusti Kang Murba. Wong kedanan agama mau bisa kandha yen getihe wong seje agama halal, mula kena dipateni. Wong kedanan agama uga bisa-bisane kandha yen masalah urip iki aja dipikir nganggo akal lan nalar, nanging nganggo agama. Ana maneh panemu ngawur yen samubarang kawruh iku ora wigati, kajaba kawruh agama. Ora gumun yen padha gampang kapusan, lha wong ora akeh weruhe, nanging padha rumangsa bener.

Baca juga:  Tentang Nasionalisme dan Tuhan yang Ternyata Tinggal di Bali

Durung maneh, padha-padha agamane wae padha padu rebut bener. Endi sing jare golongan kae nyimpang, sing jare ajaran kae ora ana tuntunane, sing jare tumindak kae padha karo nyembah brahala, lsp. Prakara-prakara cilik uga bisa dadi gedhe mung amarga digayutake marang agama: salam marang wong beda agama dadi padu, kekancan karo wong beda agama dadi padu, klambine wong wadon dadi padu, kurmat marang gendera dadi padu, ngingu asu dadi padu, nganggo fasilitas trapeloka dadi padu, mangan saryroti dadi padu, dolan menyang setarbak dadi padu, lsp. Apa ya urip mung arep padu rebut bener?

Kancaku temtu dudu siji-sijine wong sing milih cucul agama. Akeh wong sing dhedhemitan milih dadi agnostik, utawa dadi atheis sisan. Putusaning ngaurip sing mangkono takarani wani amarga barang loro mau durung bisa dingerteni wong Indonesia lumrahe. Agnostik lan atheis padha-padha ora butuh agama dalah kabeh ritual saha tepsire, kalebu tepsir bab swarga, naraka, pahala, lan dosa. Wong agnostik duwe panemu yèn manungsa ora kuwawa mangerteni Gusti. Ana dene, wong atheis ora pitaya marang anane Gusti uga kabeh pangeram-eram ing agama. Mulane, tumrap lelorone tumindak kumeruh bab Gusti iku siya-siya.

Wong atheis adate ngunggulake cara pamikir sing mlebu nalar. Stephen Hawking contone. Nganti sedane, dheweke yakin konsep bab Gusti iku mung rerekane manungsa jaman kuna sing saprene isih diuri-uri. Sanajan ora duwe cekelan kitab suci utawa tepsir, tumrap wong agnostik lan atheis tumindak becik kaya dene ngrengkuh manungsa minangka manungsa bisa kalakon tanpa agama, ora etungan entuk pahala apa ora.

Baca juga:  Vaksin Gratis Kanggo Masyarakat DIY Dibayari Danais?

Bab akerat, wong sing duwe agama adate pracaya yen sasedane manungsa bakal ana “urip” candhake, mula padha njaluk slamet nalika uripe ing donya lumantar sembahyang. Amarga iku, konsep bab swarga, naraka, pahala, lan dosa mula banjur kanggo. Tumrap wong agnostik lan atheis, mati ya mati. Ngono thok. Aku banjur dadi kelingan lagune swargi Chrisye, jika surga dan neraka tak pernah ada, masihkah kau bersujud kepadaNya? Hmm. Piye jal?

Yen taktamatake, saya mrene ombyake (tren) cucul agama saya ndadi, laras karo ramene padudon bab agama lan lelakon terorisme sing lelandhesan agama. Akeh wong wis padha kesel.