Dudu Sosialita, Urip neng Ndesa Kiye Biaya Sosiale Tetep Larang

Dudu Sosialita, Urip neng Ndesa Kiye Biaya Sosiale Tetep Larang MOJOK.CO

Dudu Sosialita, Urip neng Ndesa Kiye Biaya Sosiale Tetep Larang MOJOK.CO

MOJOK.CONah sekiye jal nyong takon, rika esih nganggep urip neng ndesa kuwe murah? Mbel, podho baen koyo sosialita ibu kota.

Jarene tah esih pandemi njah, ning esih akeh baen sing padha pamer lagi reunian, mangan bareng, nganti pit-pitan liwat dalan tol. Ora usah takon nggole padha pamer neng endi, ya jelas neng Instagram nek ora Facebook. Pokoke ben dina kudu pamer, ben ngeksis terus.

Mbok jerene kowe eksis maka kowe ana.

Sing jenenge sosialita ya padha baen, malah kaya kesempatan nggo pamer agi dolan neng ndi-ndi rame-rame, pamer nganggo masker sing macem-macem merke, sisan face shield sing modele akeh pisan. Alesane suwe lockdown neng umah dadi butuh penyegaran ben ora stres. Carane ya kuwe, padha ngumpul arisan.

Ning aja mikir arisane modele kaya awake dewek padha njah, sing cokan ngumpul wulanan arisan Dawis apa PKK, sing suguhane mendowan, gedang goreng karo teh sepet, ya sejen. Arisan model sosialita ya nggole arisan neng hotel gedhe apik sing ACne ademe ora kaya kipas sate, nek ora neng tempat wisata.

Ora usah takon jane kuwe arisan apa mlaku-mlaku. Nek kaya rika padha tah arisan ya mlaku temenan, mlaku sekang umah maring panggon arisan. Nek sosialita ya mlaku-mlakune maring Bali apa maring panggon wisata sing ora baen-baen. Ngerih mbok, lah, garep arisan baen ndadak mabur maring Bali, ora kaya nyong rika padha, garep ming pasar nggawa duit limangatus baen wis bungah eram.

Ning jane awake dewek padha ora kalah lho, karo sosialita kuwe nek perkara biaya urip sosial. Masiya awake dhewek uripe ora neng kota, njur sering deomong, distempel nek wong-wong ndesa kuwe kepenak merga urip neng ndesa kuwe apa-apa serba murah, ora kaya neng kota sing butuh banyu baen kudu tuku.

Ya pancen njah, urip bebrayan neng ndesa kuwe kadhang lewih kepenak. Nek butuh banyu apa sayuran nggo lawuh pas agi ora nana duwit nggo becer. Paribasane kepengin nyambel njur jebul keentekan tomat, wit tomat neng pekarangan ya urung woh, esih teyeng ngrusuhi tanggane sebelah umah karo ngorong-ngorong sekang lawang pedhangan (dapur).

”Yu Daenaaahhh, rika esih nduwe tomaaattt? Nyong njaluk seblindiii, garep nyambel tomate enteeekkk.”

Jal sih urip neng ndesa, krungu wong ngorong-ngorong ora nganggo toa kaya kuwe wis biyasa. Tur maning ora nana sing mikir nek kelakuan kaya kuwe mlebu kelakuan ora sopan. Merga kuwe salah sijine cara berkomunikasi sing ngetokna keakraban antarane tangga.

Neng ndesa mbarang nek ora nduwe janganan sing demasak, ya esih teyeng ngrusuhi tanggane. Ora ketang njaluk gandul mentah nggo deoseng, apa ramban godhong boled mentah nggo degodog njur demasak santen. Perkara santen ya ora usah mumet ndadak tuku santen kemasan mbarang, gari ngendong nggone tanggane sing nduwe wit klapa, biyasane padha nyimpen klapa tuwa neng pedhangane.

Tur maning pekarangane wong ndesa rata-rata ya amba-amba. Padha ambane karo bathuk e sosialita sing glowing jlantah. Teyeng detanduri macem-macem, ora gur kembangan thok.

Ana wit klapa, wit gedhang sing jenise pirang macem sisan, ana wit pete, ana wit rambutan, pelem, ana wit boled (ketela), munthul (ubi), ana wit lombok, tomat, jahe, kunir, salam, laos, bumbon ya biyasane pepeg, lah.

Urung maning biyasane karo nduwe ingonan mbarang, ora ketang ayam, enthog, bebek, sapi apa wedhus. Ingonan sing teyeng ngasilna, teyeng depangan, ora ingonan larang kaya kucing anggora. Nek panggone akeh banyu ya kadhang nduwe blumbang mbarang, isi iwak sing sewektu-wektu teyeng depancing, ora gur mancing emosine nitijen neng sosmed, eh.

Gweh, nek maca kaya kuwe tah pancen urip neng ndesa kuwe bayangane murah pisan mbok, lah. Masak ya teyeng nganggo pawon sing suluhe gari repek neng kebon, ora kudu tuku gas. Nek becer cukup tuku lenga, uyah karo gesek apa tempe tahu uwis cukup.

Ning aja salah, perkara panganan mungkin neng ndesa sing panggone subur kuwe lewih murah bahan pangane. Sejen maning nek ngomong perkara urip sosiale. Jan-jane urip neng ndesa kuwe lewih larang perkara urip bak sosialita.

Nek neng kota, ana tanggane sebelah umah nduwe gawe, mantu neng gedung baen urung tentu deundang nek ora kenal. Nek neng ndesa, Masiya beda grumbul (dusun) tetep deangkati nggole kondangan. Malah kadhang ora trima gur kondangan, tapi karo rewang mbarang. Mulane nek neng ndesa nek ana wong arep mbarang gawe, sewulan sedurunge uwis padha rapat pembentukan Kumbakarnan.

Ngerti mbok artine Kumbakarnan?

Ya nek sekiye ya istilah kerene panitia perkawinan, pokoke bagenan tugas sapa-sapa baen sing jatahe ngurusi dayoh, sapa sing ngurusi krobokan neng mburi, sapa sing jatahe ngurusi sinoman, nganti perkara masang tratag sedurung karo seuwise acara, kabeh lengkip nggole debahas.

Tur maning sing jenenge neng ndesa, biyasane nek deurut-urutna kabeh sedulur, mbuh sekang kepernah mantu, ipe, besan, buyut, canggah, nganti udhek-udhek siwur. Mulane nek mbarang gawe njur kabeh melu tandang, kabeh melu mudun merga krasa esih sedulur.

Nah nek uwis kaya kuwe biyasane ya serba ewuh pekewuh. Arep nyumbang sethithik ora patut wong esih sedulur, arep nyumbang akeh mumet merga duwite pas-pasan kudu mikir kebutuhane dewek mbarang. Ya ora lucu mbok, gara-gara bar kondangan njur ngesuke nggo mangan baen ndadak utang.

Eh ngko ndisit, perkara kondangan wong mantu apa mbesan kiye ora mandeg pas gur mbarang gawe nggo njejerna penganten thok, loh. Bar kuwe ana acara ngupati, mitoni, nganti lairan bayi ya kudu desumbang juga. Mangsane mandeg pas gur pengantenan thok, sih?

Ning sing jenenge mbarang gawe neng ndesa kuwe ora gur mandeg neng perkara pengantenan thok, ana acara sunatan mbarang sing cokan degawe acara gede-gedenan.

Apamaning nek sing desunati anak lanang siji-sijine sing rama biyunge sugih sisan. Ora trima mbarang gawe thok, kadang nganti detanggapna wayang apa orkes dangdutan. Simbok-simbok sing teka tangan e dirante emas koyo sosialita ibu kota.

Kuwe nembe ngomong perkara nyumbang nggo mbarang gawe sing biyasane ora cukup nganggo duwit sepuluh rong puluh ewu sing teyeng nggo tuku kangkung setumpuk nek neng ndesa.

Urung nek ana tanggane sing mriyang. Mriyang neng umah baen detiliki, apamaning nek nganti padha opnam mbarang neng rumah sakit, jelas njur padha janjian mangkat tilik. Nek tilik-tilik thok nggawa awak ya jelas ora patut mbok, mestine ya nyiapna olih-olih apa amplopan. Padahal nggole mangkat maring rumah sakit ya nganggo acara urunan nggo mbayar sewa angkutan.

Nek rumah sakite perek sih paling urunan sepuluh ewunan wis cukup, lha nek rumah sakite adoh, apa nggane sing nduwe angkutan gelem debayar seanane? Tur maning biyasane njur pada ewuh karo sing nduwe angkutan, wis gelem njujugna, ngenteni, mesti njur padha dilewihi nggole aweh.

Kuwe baen nembe ngomongi sumbangan nggo wong sing mriyang, urung ngomong sumbangan nggo wong sing mati.

Nek ana wong mati, tanggane ora gur padha ngrubung ngrewangi ngurusi mayit karong ngedem-demi sing nduwe umah thok. Biyasane ya ana sing njur nyumbang, merga wong mati nana kudu ana slametane. Ora jere nylameti seneng merga ana sing mati njah, ora, ning nylameti ben sing mati kuwe padhang dalan kubure.

Nah perkara nyumbang nggo slametan wong mati kiye ya bersambung padha baen karo wong pengantenan. Ana sing nyumbang nggo pas dina kepatene, ana sing nggo pas nelung dina, mitung dina, matangpuluh dina, nyatus dina, mendak sepisan, mendak kepindo, nganti genep nyewu dina alias mendak ping telu.

Kuwe nembe ngomongi perkara sumbangan sing umum lo njah, urung ngomong sumbangan sing mandan ora umum mbarang, kaya pas ngunggahna pyan aliyas ngedekna umah.

Biyasane ya ana baen sing kudu desumbang ora ketang gula teh sebungkus, nggo tanda nek awake dewek melu bungah ngerti tanggane teyeng mbangun umah. Nek desumbang umah e tingkat limolas mandhan apartemen sosialita, ya ora podho amplop e.

Ning ya tetep baen mbok, perkara sumbangan kiye akehe eram, ora gur siji loro thok. Tur maning jenenge neng ndesa, wong siji karo liyane padha kenal nganti separan-paran, ora gur kenal wong se-erte se-erwe thok. Rika padha teyeng mbayangna ora, nek pas musim wong kawinan, sedina teyeng kondangan telu apa patang nggon sisan.

Deitung lah, misale nyumbang amplopan, isine selawe ewu baen lah ora usah akeh-akeh. Nek ana wong telu sing mantu apa mbesan, mbok wis metu duit pitung puluh lima ewu dewek? Iya nek gur kondangan thok, nek misale pas kondangan njur ketemu tangga grumbul sing crita nek pak kae apa bu kae sing awake dewek kenal bar nduwe putu apa mriyang, mestine mbok njur nyiapna wektu nggo tilik mbarang.

Kuweh mulane nek ana sing ngomong urip neng ndesa jere kepenak, apa-apa serba murah, jan-jane ya gur ngukur perkara butuhe pangan sedina-dinane thok sing pancen kadang uwis kecukupan sekang kasile tani.

Sing padha ora mikir ya butuh perkara sosial kuwe, perkara njaga seduluran karo ewuh pekewuh maring tangga teparo nganti tangga adoh. Butuh sing jelas lewih larang urusane timbang ngurusi kencote weteng.

Nah sekiye jal nyong takon, rika esih nganggep urip neng ndesa kuwe murah?

MONGGO NYONG ATURI MAOS Manuk Pleci lan Alat-e Wong Jowo Kanggo Njaga Lingkungan lan seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.

Exit mobile version