• 28
    Shares

MOJOK.CO – Tulisan aksara jawa ing plang-plang jeneng dalanan ing Yogyakarta, sakjane wis padha bener apa ora ta?

Nalika dolan menyang Kutha Ngayogyakarta, mligi ing Dalan Maliyabara, ana plang dalanan siji kang dadi jujugane wong-wong foto-foto. Kaya dene gula kang rinubungan semut, plang dalanan mau narik kawigaten dudu amarga warnane kang ijo, nanging amarga tulisane “Jalan Malioboro” dibarengi tulisan mlengkung mlungker ing sangisore. Tulisan mau aran Carakan utawa Hanacaraka, ya iku aksarane wong Jawa.

Ngelingi plang mau pranyata njalari tekane wong akeh, tuwuh pitakonku yen kang foto-foto ing kono apa padha bisa maca Carakane. Yen ta padha bisa maca, kira-kira tuwuh pitakon-pitakon kang luwih jero apa ora saka wong-wong mau.

Upamane, gene kok tulisane Latin karo Carakan ora mathuk? Kok kang siji tulisane “Maliyabara”, kang liyane “Malioboro”? Kok tulisane njuk mirib tulisan Thailand? Kok ing Ngayogyakarta ana tulisan kaya mangkene, dene ing Jakarta kok ora ana? Yen ana kang bisa maca banjur tuwuh pitakon-pitakon mangkono, bokmanawa wong mau pancen ora wuta aksara tur bisa mikir kritis. Emane, wong mangkono iku ora akeh. Waton plange kapacak apik ing foto wis cukup. Prakara tulisane bener utawa salah dadi nomer sawidak rolas.

Carakan kapacak ing plang-plang dalanan ing laladan Ngayogyakarta iku prakara kang mbungahake uga nrenyuhake. Mbungahake amarga pangreh praja isih nggatekake lestarine Carakan ing sasana warga (ruang publik). Nrenyuhake amarga kang dhamang bab tata tulise meh ora ana. Eh ana ding, nanging ora sepiraa cacahe. Mula, kang menangi manawa tulisan Carakan ing gapura Kampung Ketandhan, ing Titik Nul Kilometer, ing ngisor Flyover Jombor iku salah, iya mung wong-wong tinamtu. Prasasat kaya aksara Carakan iku mung duweke wong-wong mirunggan, dudu aksarane kabeh wong, kamangka kudune ngurip-urip Carakan iku dadi ayahan barengan.

Baca juga:  Kisah Mudik Lebaran dari Yogyakarta ke Riau Naik Motor

Tulisan iki ora nyalahake sapa-sapa kang ora bisa maca aksara Jawa amarga pancen ana lelakon ing sajarah kang njalari awak dhewe kapitunan. Ing Jaman Walanda, saliyane ngajari aksara Latin marang wong Jawa, wong Walanda mbudidaya supaya wong-wong Jawa oleh wulangan basa lan aksara Jawa. Anane cathetan bab paramasastra lan bausastra Jawa kang modheren uga amarga kawruh kang tinularake wong Walanda marang wong Jawa nalika jaman samana. Mesin tik aksara Carakan kang kasimpen ing Museum Pers ing Sala iku tilase Walanda. Lumpukan kalawarta (koran) basa lan aksara Jawa, kaya ta Kajawen, kang uga kasimpen ing musiyum mau iya tinggalan saka jaman Walanda. Kala samana, wong-wong nulis sarana basa lan aksara Jawa tumrap maneka warna genre tulisan, ora mung tembang, nanging uga warta internasional, dheskripsi tanduran usada, kawruh etung, kawruh bumi, lsp. Kang mangkono negesake basa lan aksara Jawa iku tut lakuning jaman.

Aksara Jawa kelangan ajine kawit Jepang ngejegi Nusantara. Ing dalem 3,5 taun kabawah Jepang, kabeh kalawarta basa non-Malayu, kaya ta basa Walanda, basa Jawa, lan basa Sundha, disuwak wong Jepang. Mung kalawarta mawa basa Malayu (kang dadi basa Indonesia saiki) wae kang oleh idi palilah terbit. Tundhone, kabeh terbitan basa Jawa kang nganggo Carakan utawa Latin mandheg. Pamrihe Jepang tumindak mangkono supaya wong-wong Nusantara kala samana bisa dipropaganda sarana basa siji wae, ya iku basa Malayu. Emane, sainggate Jepang kang tinutan mardikane Indonesia, kaanane basa lan aksara Jawa kang kawitan ora pulih.

Saprene, basa lan aksara Jawa kangelan oleh kalungguhane kang sadurunge. Sanajan basa lan aksara Jawa iya kawulangake ing sekolah-sekolah wis mataun-taun, meksa tekan saiki ora babar-babar kalawarta kang sarana Carakan. Kira-kira apa masalahe? Apa amarga status basa Jawa? Soale, status basa Jawa saiki minangka basa enggon-enggonan, dene lakuning paprentahan lan pawiyatan ora nganggo basa enggon-enggonan, nanging nganggo basa resmi. Ing Indonesia basa resmi mung ana siji, ya iku basa Indonesia, kang uga minangka basa nasional. Ing maneka nagara ing jagat iki, basa resmi satemene ora kudu basa nasional lan ora kudu siji cacahe.

Baca juga:  Dadi Guru Basa Jawa Iku Ora Gampang, Nganti Ora Ana Sing Buka Kursusan

Apa basa lan aksara Jawa kudu kaunggahake statuse dadi basa lan aksara resmi, mligi ing Tanah Jawa (wewengkon ing Pulo Jawa kang wargane nganggo basa Jawa), murih bisane kuncara maneh? Cara mangkono yen ta pancen bisa njalari lestarine basa dalah aksara Jawa bokmanawa bisa kacakake. Nanging ya iku, peprentahan enggon-enggonan kudu kendel sudira nalika ngecakake awit mesthi bakal ana kang alok-alok separatis, ora nasionalis, jawasentris, ngrepoti, nambah-nambahi gawean, lsp. Yen ngilo marang India, nagara kang ora duwe basa nasional lan basa resmine welasan wae bisa kukuh bakuh, mosok Indonesia kang duwe basa nasional lan basa resmine mung siji wae njuk bakal bubar ing taun 2030? Optimis wae ta ya, basa enggon-enggonan dadi basa resmi ora njalari bubrahe nagara.

Bali menyang Carakan ing plang-plang dalan ing Kutha Ngayogyakarta. Aksara Jawa pancen endah yen kasawang, nanging ancase ana aksara Jawa kang baku iku dudu kanggo sesawangan, nanging kanggo sesambungan, kanggo ngudhar lan nyatheti kawruh, lan sapanunggalane. Pokoke kanggo sarana tulis ing warna-warna butuhing panguripan. Kanggo nyatheti utange kancamu ya kena, kudune. Anane Dana Keistimewaan tumrap laladan Ngayogyakarta samesthine bisa dadi sarana pamulihe kaanane basa lan aksara Jawa kaya mbiyen. Aja nganti wong Ngayogyakarta kok dadi rerasaning liyan amarga ilang Jawane. Yen kedaden mangkono kok ya wagu nemen.

  • 28
    Shares


Tirto.ID
Loading...

No more articles