[MOJOK.CO] “Perkara pitutur ‘tumungkula yen dipundukani’ dadi ‘tumungkula yen dipunsukani’, ora njuk muncul sakenane”.

Ana saweneh gatra wujud ukara pakon utawa prentah ing saweneh pada ing pupuh mijil ing Serat Wulangreh, yasan Dalem Pakubuwana IV, ”Tumungkula yen dipundukani.” Iku salah sijine laku kang prayoga ditindakake dening sok sapaa kang kepengin dadi wong kang migunani lan bisa mrantasi gawe, cara ndakike: berkompetensi tinggi.

Pada ing pupuh mijil kasebut ganepe ngene: ”dedalane guna lawan sekti/kudu andhap asor/wani ngalah luhur wekasane/tumungkula yen dipundukani/bapang densimpangi/ana catur mungkur//. Ana rong gatra kang bobote ngluwihi liyane, yaiku gatra, ”kudu andhap asor,” lan, ”tumungkula yen dipundukani.” Tembung ‘kudu’ iku ateges ‘ora kena ora’ utawa ‘wajib ditindakake.’ Dene, ’tumungkula’ (tumungkul + a) iku tembung prentah utawa pakon. Kamangka, gatra-gatra liyane mung dhapur pratelan (pernyataan, ind.).

Andharan ringkes iki mengko mung bakal ajak-ajak maca kahanan jaman saiki gegayutan karo pitutur luhur, ”Tumungkula yen dipundukani,” kang teges wantahe: ndhingkluka yen disrengeni. Dipundukani? Deduka iku tumiba saka paraga kang luwih dhuwur drajate, luwih tuwa, utawa luwih dhuwur pangkate tinimbang kang didukani. Yen mung sababag ora prelu disebut duka, cukup: srengen, muring, lan sapiturute.

Mula, andhahan, ngisoran, utawa kang luwih enom becike tumungkul, ndhingkluk, aja mangsal, aja mbantah, apamaneh semu nantang yen didukani. Becik meneng wae, utawa yen ana kang kudu kawetu ing pangucap ngemungna: nyuwun pangapura. Kepriye yen nyatane paraga kang nampa deduka iku satemene ora tumindak luput kaya kang disengguh dening paraga kang paring duka? Sabara sauntara, mengko bakal ana wektu kang prayoga kanggo ngaturake kedadeyan kang sanyatane. Utawa, kanggo ngaturake pawadan kang gumathok kang nyurung dumadine tumindak kang disengguh luput iku.

Baca juga:  Manuk Pleci lan Alat-e Wong Jowo Kanggo Njaga Lingkungan

Bocah saiki? Jare bocah saiki patrap ngetut pitutur kaya ndhuwur kuwi mau wis ora njaman. Bocah saiki yen didukani rumangsa kurang marem yen durung mbrondongake argumen.
”Kuwi aturan feodalistik! Ora demokratis!”
”Mengko, yen kowe wis jawa ora bakal komentar kaya mengkono.”
”Halah, ora urus. Urung jawa apa wis ora jawa. Penting indonesia, Mbah!”

Owalah. Mbokmanawa pancen Jawa iku dudu barang mandheg. Kabeh owah gingsir nut ing jaman kelakone. Kelakone piye? Dituturana, ”Tumungkula yen dipundukani,” sedina ping pitulikur, nyatane sing kelakon malah, ”Tumungkule yen dipunsukani,” (ndhingkluk, manut, pasrah, yen diwenehi). Diwenehi apa? Bisa dhuwit, barang pengaji, utawa kalungguhan. Contone?

Ana kang maune seneng bengok-bengok ing barisane para demonstran, wusanane banjur cep-klakep ora ana suwarane maneh bareng wis disukani, diparingi, diwenehi kalungguhan. Ing bab iki malah matrape ora mung saka ndhuwuran marang ngisoran, saka wong tuwa marang kang luwih enom, wongtuwa marang anak, nanging uga kosokbaline. Ndhuwuran kang wus methentheng arep paring duka bisa wae banjur mak klakep bareng diaturi (disukani) dhuwit kang etungane wis em-eman.

Pranyata, laku ”tumungkule yen dipunsukani” uga dadi biyangkeroke korupsi. Rak ndrawasi tenan, ta? Sangsaya ndrawasi maneh nalika wongtuwa wis ora wani nyaruwe anake kang nalisir saka bebener mung beteke tansah ’disukani’. Kamangka, kang mangkono iku ana, tur ora mung siji-loro.

Baca juga:  Nrawang Nasibe Parpol Peserta Pemilu 2019 Saka Othak-Athik Gathuk Nomer Urute

Mula, satemene yen ana kang mlesetake pitutur, ”Tumungkula yen dipundukani,” dadi ”Tumungkula yen dipunsukani,” sajake iku dudu plesetan sakenane, ora waton mlesetake, apa maneh mung merga mapane aksara ’d’ iku ing papan ketik jejer karo aksara ’s’, nanging luwih adhapur pasemon, nyemoni kanyatan kang kerep kelakon ing urip padinan. Pitutur cakrik plesetan, ”Tumungkula yen dipunsukani,” muncul sawise saking kerepe ana tontonan kang mratelakake kang kaya mengkono.

Yen kanthi pawadan arep ninggalake samubarang kang feodalistik, arep melu njejegake demokrasi ing sadhengah papan, arep ora urus diarani durung apa ora jawa, nggih mangga, ora prelu tumungkul yen dipundukani. Nanging, sok sapaa kang tumungkule yen dipunsukani, teges wis ora jawa, ora indonesia, lan edan banget. Edan kang ora ana rumah sakite, ora ana dhukune, ora ana tambane.

Komentar
Add Friend
No more articles