[MOJOK.CO] “Njaga lingkungan kuwi tugase kabeh manungsa.”

Sepuluh utawa adoh-adohe rong puluh taun kepungkur, maneka jinis manuk isih pating bleber sakiwa tengene omah. Suwarane pating caricit, pating cruwet, ngganter kaya ngabarake rasa bagya mulya.

Luwih-luwih yen wayah esuk, sesawangan lan rungon-rungon mangkono mau cocog banget yen dilaras sinambi udud lan ngombe wedang (kopi) ing emper. Iku kalebu ”barang mewah” kang gratis. Ora usah makani, ora usah nggawekke kurungan. Tur, ta, ocehe manuk ing alam bebas kuwi rak luwih apik lan wulune luwih endah tinimbang manuk ing jero sarung kurungan.

Saiki, kamewahan mangkono iku, yen ta ora entuk diarani wis ilang, sudane wis akeh. Saora-orane ing padhukuhanku, kang mangka, kinepung laladan alas. Malah, senajan ing alase pisan, akeh jinis manuk kang cures, kaya ta: podhang, murai jawa, sulingan, kuniran, lan liya-liyane.

Kang cures durung suwe iki saka alas sakupenge padhukuhanku lan luwih-luwih saka kebonan utawa pekarangan: manuk pleci. Cures merga dipikat, anakane kang isih neng susuh ya diundhuh, banjur diingu utawa didol. Cekake, dipindhah saka alam bebas menyang kurungan. Yen ora ana kang nangkarake, tan wurunga si pleci kuwi mengko bakal cures babarpisan.

Kang saiki wis ilang, musna, saka alas lan luwih-luwih saka karang-kitri sakupenge padhukuhanku, satemene ora mung meneka jinis manuk, nanging uga kewan liya: lutung, trenggiling, lan kang luwih dhisik nemahi cures: gogor. Pirang-pirang jinis tanduran, wit-witan, uga cures.

Alam dadi ora imbang. Ekosistem keganggu. Mula, saiki bangsane semut, uler, tikus, bajing, mbrenah ora karuan, dadi ama kang banget ngrugekake wong tani ing padesan. Luwih-luwih kang aran tikus, kajaba ngrusak tanduran uga bisa dadi lantaran sumebare penyakit kang ndrawasi.

BACA JUGA:  Tokoh Sejarah yang Pasti akan Ditolak Esainya oleh Mojok

Banjur, apa sesambungan antarane curese manuk pleci lan sapiturute iku mau karo wong Jawa?

Biyen, wong Jawa duwe alat kanggo njaga lingkungane kang awujud tabu, keramat, pantangan, gugon-tuhon, mitos, lan sapiturute.

Contone ngene: ”Yen kowe nemu leng kang njerone ngesong kebak lele, upama ngerah lele kuwi ya sing ngreti wates, aja nganti saenteke. Merga, ing kono adhakan ana ratune lele, kang blegere ula tur yen nganti nyokot bisa nggeret nyawamu.”

Ana maneh jinise iwak kali kang kerep disisihi ya kuwi gateng (sabangsane welut utawa sidhat, nanging ukurane bisa gedhe sapupune wong diwasa). Kang padatane disingkiri, wong ora wani ngerah, yakuwi gateng sing katon ana cenggere, kang rupane putih utawa albino, lan kang ukurane dianggep gedhe banget (durung ana wong liya kang nemokake lan ngerah kang ukurane nganti samono).

Wong Jawa uga njaga sumber banyu utawa tuk kanthi upacara adat, kenduren, merti desa. Papan sandhuwure belik utawa tuk biasane diarani: ndhas kali.

Ing kono ajeg ana wit gedhe kang dikramatake, persis ing poke ana gendheng isi areng lan awu tilase kanggo mbakar menyan. Aja maneh kok nganti ngethok kayune, pange, carange, selagine methik godhone salembar wae ora ana kang wani.

Piranti kanggo njaga lingkungan kaya mengkono kuwi saiki wis ora ana. Mula, aja maneh kayune kang gedhe, lha, wong tuke wae ya wis ilang alias mati.

Kabeh iku mau bisa diwawas kadidene pratandha manawa satamene wong Jawa saiki wis ilang suda jawane.

Pikiran-pikiran irrasional wis diendhih dening rasio. Eloke, rasio iku durung bisa dadi piranti kang ampuh ing laku urip padinan. Wawasan anyar, pengetahuan, kaya-kaya njegreg tanpa daya ing kempitan brangasane manungsa jaman saiki.

BACA JUGA:  Tokoh Sejarah yang Pasti akan Ditolak Esainya oleh Mojok

Coba, wiwit sekolah dasar rak wis diwulangake manawa alas kang gundhul bisa mahanani banjir-bandhang. Nyatane, piye kahanane alas saiki? Eloke maneh, ya ana wae Pak Guru kang neng njero kelas ngecuprus bab lingkungan hidup, mulih saka sekolahan malah nyandhak bedhil, budhal golek ayam alas utawa manuk.

Satemene, ana kang kudune luwih sekti tinimbang ilmu pengetahuan, yakuwi ilmu agama. Nanging, geneya ing bebrayan kang sinawang gumelare agamis banget iki kok alas-alas padha gundhul, akeh kewan lan thethukulan utawa wit-witan kang cures?

Embuh kepriye ing papan seje, nanging kang dakprangguli ing padhukuhanku, bab prilaku kang gegayutan karo melu memayu hayuning bawana, ora agawe rusak ing salumahe bumi, kaya-kaya ilang saka dhaptar prakara kang diwedharake ing khutbah Jemuwah.

Kamangka, dikhutbahana sedina ping pitu yen ati lan nalare durung padha kabukak ya mokal tumetes dadi laku kang becik.

Kanthi mangkono ora ateges iki ajak-ajak bali menyang jaman kang wus kapungkur. Apamaneh, nganggo cara ngobong menyan ing ndhas kali. Saora-orane, lumayan yen bisa dadi sarana kanggo bebarengan mawas dhiri.

Komentar
Add Friend
No more articles