Rubrik: Rerasan

Yen Ana Sewu Tafsir Pageblug, Iki Salah Sijine

MOJOK.COKaya-kaya pageblug virus korona kuwi tibake mung kepengin ngelingake, ya ngono kuwi cuci tangan kang bener: ditindakake sawise nyenggol utawa nyekel samubarang kang bisa diencoki kang bisa nuwuhake memala.

Mbokmanawa pancen durung ana panaliten kang gumathok ngenani tumanggape warga bebrayan marang sakehing aturan kang gegayutan karo kupiya ngawekani sumebare virus korona. Nanging, saupama ana kang mratelakake manawa kang paling kendho disiplin-e iku wong Jawa, mbokmanawa pancen ana dhasare. Wong kang ketaman virus korona ora mesthi yen banjur mati, upama matia ya ora kesusu.

Ing bebrayan Jawa ana unen-unen popular kanggo nggambarake dayane pageblug, ya iku: ”Esuk lara sore mati, sore lara esuk mati.” Iku wis nggambarake sepira gelise nular lan gelise nuwuhake pati tumrap sapa wae kang katerak pageblug kuwi. Tegese, mung butuh wektu udakara 12 jam saka wiwit ketaman lara nganti tumekaning pati.

Ewadene virus korona, lagi bisa dadi lelara sawise angrem ing awake manungsa suwene 2 nganti 14 dina. Tur ta, senajan durung ana obate kang patitis, kang nandhang lara bisa diupakara ing rumah sakit nganti pulih sehat maneh, senajan ora sethihik kang temah palastra alias tilar donya.

Ing babagan teknis, sajake ora pati ana kang bisa dipethik saka dongeng utawa sastra lisan kang diwarisake para leluhur bebarengan karo ukara, ”Esuk lara sore mati, sore lara esuk mati,” mau. Jaman biyen durung bisa dikawruhi kapan saweneh pageblug virus rumasuk ing awake manungsa. Wong kang diarani lara kuwi ya yen wis ambruk. Wis ora kuwat tangi, apa maneh mlaku-mlaku. Kejaba lara untu? Utawa lara udun kang ora pati nemen?

Karo dene, sajake gambaran ngenani pageblug ing lakon kethoprak utawa lakon wayang, padatane mung disinggung sakeplasan, kanggo ngandharake bab seje. Upamane ngenani politik tingkat tinggi. Utawa ngenani bakal tumurune wahyu. Mula, sajak dianggep ora (pati) penting nggambarake piye modhele lelara (penyakit) kang dadi pageblug iku, piye carane nambani, racikan obat utawa jamu endi kang bisa mrantasi, lan sapiturute.

Ing lakon wayang carangan, dudu lakon baku saka buku babon Mahabharata utawa Ramayana, upamane, bisa wae saweneh pageblug nyempyok Negara Amarta, negarane para Pandhawa. Bareng pageblug sangsaya ndadra, nganti dadi rembug ing Sidang Kabinet, lagi kewiyak manawa –upamane sawise ditakonake dening Raja Dwarawati Sri Bathara Kresna—tibake Kitab Jamus Kalimasada kang dadi salah siji piyandele kraton musna saka gedhong pusaka.

Lah, njuk kepriye olehe nalar, wong kitab ilang wae kok banjur nuwuhake pageblug? Tur ta, mesthine kraton kuwi rak ya duwe jurutulis? Mosok nganti kitab pusaka Jamus Kalimasada kuwi nganti ora ana dhuplikat utawa salinane?

Tur yen ana abdi kraton kang korup, upamane kanthi sesidheman ngedol Jamus Kalimasada kuwi marang kolektor barang antik, utawa merga apa wae nganti kitab kramat kuwi ilang saka gedhong pusaka, rak ya kuwi wis aran musibah? Ing ngendi dununge adil yen para dewa malah banjur nibakake pidana wujud pageblug? Rak ya mesakake nasibe Negara Amarta kang bebasan wus ceblok kok isih banjur ketiban andha kuwi?

Kang luwih klebu nalar mbokmanawa ilange pusaka Jamus Kalimasada saka Gedhong Pusaka Negara Amarta kuwi aja ditegesi wantah. Kadidene kitab pusaka, piyandele negara, mbokmanawa rakyat apadene para pangreh praja wus kesuwen olehe ngiwakake isi lan jiwane kitab pusaka kuwi. Ing kanyatan kaya mengkono, mesthine para dewa lagi duwe alasan kanggo nibakake cilike panyaruwe gedhene pidana. Utawa, bisa wae ana sanggit seje kang luwih klebu nalar.

Saweneh pageblug, ing lakon-lakon carangan, kadhang uga nrajang saweneh negara kang wusanane banjur kewiyak manawa embuh wiwit kapan Sri Narendra kang nglungguhi dhampar kedhaton tibake ratu utawa raja palsu alias gadhungan. Bisa dewa kang lagi nglakoni pidana utawa bangsa breksakan kang kasil nyusup lan ngendhih raja asline, kadidene crita, tinampa wantah wae jane ya wis gayeng. Nanging, bisa uga ditegesi kadidene sanepan utawa pasemon.

Ing tata lair, senajan wadhage Sang Raja ya isih panggah kaya wingi-uni, embuh merga apa utawa kesurupan dhemit ngendi, Sang Raja kang maune ambeg adil lan ngayomi para kawulane kuwi banjur salin salaga. Lali marang dharmaning satriya, nalisir saka sumpah jabatan awit saka pambujuke anak-bojo lan/utawa partai pendukung-e.

Ing lakon-lakon carangan kuwi, adhakane pageblug kaya mung didadekake ater-ater utawa kata pengantar kanggo mbabar dumadine owah-owahan tumrap kahanan kang wus bubrah, amrih bali pulih kaya wingi-uni. Yen diwawas nganggo ilmu othak-athik gathuk, pranyata uga mrono tlonjonge pageblug mutakhir pengawak pageblug virus korona iki. Rak wis ana kabar manawa hawane kutha kang wis kebegan polutan dadi banget luwih seger sawise ora kakehan kendharaan wira-wiri, wong-wong kang racake kepatuh kemproh banjur dadi resikan, ora ketang mung kanthi luwih kerep wisuh (cuci tangan).

Kaya-kaya pageblug virus korona kuwi tibake mung kepengin ngelingake, ya ngono kuwi cuci tangan kang bener: ditindakake sawise nyenggol utawa nyekel samubarang kang bisa diencoki virus utawa bakteri kang bisa nuwuhake memala, migunakake sabun. Aja lali, ya? Cuci tangan sadurunge mangan. Nggunakake sabun. Aja cuci tangan sawise mangan… dhuwite negara kanthi…upamane: ngloropake bawahan!

MONGGO KULO ATURI MAOS Gugur Gunung, Tradisine Wong Jawa Dinggo Nglawan Pagebluk utawi seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.

Leave a Comment