MOJOK.CO Tradisi balonan wae wis isa mbebayani penerbangan. Apamaneh yen balone dimomoti mercon lan geni.

Ing sekolahan, bocah-bocah ngreti balon lumantar tembang yasane Ibu Sud. “Balonku ada lima. Rupa-rupa warnanya. Hijau kuning kelabu. Merah muda dan biru. Meletus balon hijau, dor!” Lan sateruse.

Iku balon kang uga dikenal kanthi aran plendhungan utawa plembungan. Bahane saka karet. Yen disebul mlendhung utawa mlembung. Ana kang dawa mirip timun, blonceng, utawa bunder kaya semangka. Ana kang diisi utawa diplendhungake nggunakake gas karbit, njuk dijiret nganggo benang, bisa mumbul kaya layangan. Yen ora dicencang bisa mumbul dhuwur banget lan kegawa angin nganti ora kaweruhan parane.

Ing Surabaya ana balon seje. Balon kang biasane mung dadi rembug ing kalangane wong lanang kang wis umur. Pabrike wus dibubarake. Nanging, sajake prodhuksine isih terus wae. Menawa malah sangsaya ngrembaka kadidene produk pomahan, lan saperangan didoltinukokake (diperjualbelikan) lumantar kacamaya (daring).

Ana maneh balon kang padatane digawe ing sakiwatengene utawa ngepasi dina riyaya (Idulfitri). Biasane digawe saka plastik, wujud kanthong kang gedhe, banjur diiseni kukuse geni, saengga bisa mumbul ngawiyat (mengangkasa). Kanggo njaga amrih kukus ing sajrone kanthong (balon) ora enggal entek. Balon uga dipasangi ublik gedhe kang tansah ngasilake hawa panas kang marakake balon sangsaya mumbul, sangsaya dhuwur.

Mbokmanawa merga yen mung dipasangi ublik kurang rame, saiki kaya wis dianggep ora ganep yen tanpa ditambahi rentengan mercon. Nganti pirang-pirang renteng. Nalika balon wiwit mumbul, sumbune mercon enggal disumet. Mbarengi mumbule balon, rentengan mercon kuwi mbledhos tumaruntun. Suwarane bisa nyumplengake kuping. Nanging, wong-wong padha seneng. Kang ngragati, kang gawe, kang mung trima nonton saka cedhak utawa saka kadohan, racake padha marem. Padha seneng. Utawa bungah atine.

Baca juga:  Zakat dan Sekantong Taek

Dhuwit sakyuta, rong yuta utawa luwih mak lap. Ilang sakeplasan kegawa angin embuh menyang endi. Ana uga kang banjur ceblok ing pomahan, sok malah persis ing omah nalika genine isih murub mangalad-alad. Upama ora enggal konangan, cetha yen genine kuwi bisa mrantak dadi kobongan kang nuwuhake kapitunan ora mung sakyuta rong yuta. Bisa atusan yuta, bisa milyaran repis.

Watara sepasar (limang dina) kepungkur, omahe adhiku ing sapinggire kutha Trenggalek ya ketiban balon kang isih murup mangalad-alad. Ndilalah langsung konangan. Genine enggal dipateni.

Ngumbulake balon kuwi satemene padha karo ngundang bebaya. Bisa ngancam sapa wae, ya kang ngumbulake, ya kang ketiban. Uga, yen nganti kesedhot mesin montor mabur bisa ndrawasi. Mula ana aturan saka Kementerian Perhubungan kanggo nyegah supaya ora ana wong kang ngumbulake balon. Kajaba, yen mumbule si balon diwatesi kanthi kenur utawa tali kayadene ngumbulake layangan.

Ana saweneh grup FB kang anggotane puluhan ewu akun, kang prasasat dikuwasani dening para pangyengkuyung balon. Ya admin-e, ya anggotane. Yen ana kang cluluk manawa pakulinan ngumbulake balon kuwi ora becik, mbebayani, mesthi banjur dikroyok komentar kang sipate ngece. Malahan, kerep uga ana pratelan ngece pulisi kang sok nindakake tugase, ngrampas balon kang arep diumbulake.

Para panyengkuyung tradisi balonan kuwi duwe maneka pawadan, kaya ta, ”Tradisi balonan kuwi wis run-tumurun saka jamane simbah-simbah biyen.” Lha, yen simbah biyen padha nyembah kayu, watu, geneya saiki ora diteruske?

Ana maneh, jare, ”Pamarentah ora usah ngurusi balon, urusana dalan padha pating jeglong.” Lha, rak apike kabeh diurusi. Dalan rusak diurusi, balon ya kudu diurusi. Yen ora diurusi, sapa kang bakal tanggung jawab yen ceblok njuk nglagar alas, ngobong pomahan, lan sapiturute?

Baca juga:  Anjingkanlah Daku, Kau Kumonyetkan

”Akeh maling ora kecekel kok pulisi trima nggrebeg wong ngumbulke balon?” Loh, apa dha ra ngreti yen kejaba ngundang bebaya, ngumbulake balon kuwi uga bisa diarani maling? Sing dicolong apa? Sing dicolong: rasa ayem-tentreme warga sakiwa-tengene. Merga angger ungsum tradisi balonan, senajan wis tengah wengi isih bisa kuwatir, mengko gek nalika enak-enak turu omahe ketiban balon!

Nanging, para pandhemen balon kuwi bisane mung nggugu karepe dhewe. Rumangsane bener dhewe. Ing prekara balon, jarene, ”Pamarentah kakehan aturan, pulisi kaya kurang gawean.” Jan presis ambek wong-wong kang ainul yakin manawa bumi kuwi saemper srabi. Ora bunder kaya ondhe-ondhe.

Pikiran ngenani risiko, piye yen mengko ceblok ing papan kang adoh kanthi geni isih mangalad-alad lan nuwuhake kobongan kang ngrugekake liyan dikipatake. Yen dipepet sok ya banjur ana kang kandha bakal tanggung jawab. La, piye carane tanggung jawab yen puluhan balon utawa malah atusan cacahe ngawiyat, tur padha ora nganggo KTP?

Ing negara liya wis suwe ana tradisi balonan kang luwih onjo. Balone gedhe, tur bisa ditumpaki dimomoti penumpang nganti puluhan wong. Bisa mabur ngawiyat lan mudhun ing papan kang dikarepake pilote. Mula, sakjane mesakake banget, dene isih ana sagolongan wong kang rumangsa onjo. Mangka lagi bisa ngumbulake balon kang lagi bisa dimomoti mercon lan geni. Lan ngancam keslametane wong liya.

Pancen nyedhihake. Jare ngugemi tradisi, kok wis pirang-pirang atus taun ora maju-maju. Malah mundur adoh. Ing Jaman Majapahit rak ana crita ngenani Sungging Purbengkara. Kang bisa numpaki layangan, ndedel ngawiyat, lan mudhun kanthi slamet.

Mbok ora usah ngumbulake balon kang mung ngundang bebaya. Dene yen ana balon kang bisa ditumpaki, kuwi ya aja. Merga bisa luwih mbebayani.



Tirto.ID
Loading...

No more articles