Saka Kesenian Rakyat Dadi Kesenian Pejabat

MOJOK.COPejabat kang melu kesenian rakyat biasane mung melu latihan pisan apa pindho. Yen mengko gedadapan ing pagelaran merga saka olehe ora becus akting rak malah gayeng.

Tau nonton pagelaran seni tradisional, ludruk, kethoprak, wayang wong, kanthi aktor lan aktris dadakan: gubernur, bupati, walikota, kepala dinas, direktur BUMN, lan sapiturute? Njuk piye rumangsamu: lucu, nyenengake, mrihatinake, nrenyuhake, nggilani? Apa piye?

Ada-ada para pejabat sok melu ambyur menyang panggung seni tradhisi kuwi yen ora luput wis mratah nalika saweneh stasiun televisi mopulerake Ketoprak Humor kang dipandhegani dening Timbul Suhardi. Njuk apa pikolehe nalika para pejabat trima lan malah seneng mung dadi guyon ngono kuwi?

Para pejabat kang ndilalah pancen uga seniman panggung disisihake saka underane rembug iki. Tur cacahe menawa ya mung siji-loro. Ora akeh. Umume ya mung waton munggah panggung, pawitan melu latihan pisan apa pindho. Yen mengko gedandapan ing pagelaran merga saka olehe ora becus akting rak malah gayeng. Bisa dadi guyon tanpa pawitan ngelmu ndhagel. Tur, ta, racake penonton ya maklum. Wong pancen dudu aktor profesional.


Glundhung kendhang (tegese: pagelarane wus rampung), mudhun saka panggung para aktor dadakan kuwi njuk dipapag para juruwarta. Ukara-ukara wangsulane marang pitakone para juruwarta kuwi bisa dirangkum mengkene:

”Seneng rasane ati bisa nyata-nyata gumuyu bebarengan karo rakyat, karo masyarakat. Iki uga idhep-idhep melu ngleluri seni adiluhung warisane para leluhur kang saiki wis kagiles dening prodhuk-prodhuk kesenian saka negara manca.”

Baca juga:  Sandyakala Sinoman, Pasukan Sunggi Baki sing Mulai Ora Payu

Lha, dalah! Rumangsane kaya mengkono kuwi pakaryan serius? Ngleluri seni adiluhung warisane para leluhur? Gek patute malah tiba kosokbalen, berlawanan, kontraproduktif? Kesenian adiluhung kok nggo glenyengan, cengengesan!

Piye le ora diarani cengengesan? Para awak kethoprak, ludruk, wayang wong, sapiturute kuwi bisa munggah panggung kanthi laku kang ora baen-baen, lo! Direwangi turu longan (ngisor panggung), gladhen pendhak dina, sok malah ana uga kang nglakoni tapa kungkum. Lha, iki kok njuk akeh kang kumawani waton munggah panggung tanpa gladhen. Ing tengah-tengahe pagelaran malah kerep wae ana kang lali marang jenenge paraga kang diawaki dhewe. Njuk takon paraga liyane. Njuk dadi guyon. Njuk rumangsa sukses!

Apa bener kesenian tradhisional banjur ngrembaka maneh? Nyatane ora. Uripe ya malah prasasat njagakne yen entuk tanggapan saka pamarentah kanthi para paraga dadakan ya para pejabat kuwi. Tur yen winawas saka bab bobot rak remuk tenan. Sangsaya kojur yen kanggo nganiaya kesenian tradhisional mengkono kuwi malah diragati nganggo dhuwit APBD lan dana CSR saka perusahaan-perusahaan kang gelem nyeponsori. Dene ana kesenian tradhisional kang isih moncer, ora sepi tanggapan, kaya ta Ludruk Karya Budaya Mojokerto kae, moncere ya merga pancen isih disenengi dening masyarakate, ora merga anane para pejabat kang melu-melu munggah panggung.

Saiki kang aran ludruk prasasat ya mung kari Karya Budaya Mojokerto kuwi kang bisa njejegake uripe dhewe, kang disuhi dening Pak Doktor Edy Karya. Kethoprak? Ing brang lor, sakupenge Tuban, Pati, Jepara, sok tobongan ya isih rame. Ing kutha-kutha saindenging Jawa liyane? Prasasat wis mati klesek. Ing Trenggalek isih ana pagelaran kethoprak pendhak taun –padatane ing swasana dina Riyaya Idul Fitri. Iku ya kethoprak klangenan kang diuripi dening saweneh kulawarga ing Kecamatan Gandusari. Olehe gawe panggung biasane ya ing latar, paragane sasedulur, anak, ponakan, pokoke wong saoyod. Ing Trenggalek, ludruk malah wis njenat bebarengan karo mratahe sinetron televisi (swasta).

Baca juga:  Janjane Wong Jasa Ekspedisi Iki Maca Tulisan ‘Fragile’ Ning Paket, Ora Sih?

Kesenian tradhisional utawa kang sok diarani kesenian rakyat kuwi bebasan kepalu-ketutu. Wis ceblok isih panggah disawati. Wis keplorot malah isih kerubuhan andha. Genah yen ajune jaman kang luwih ngeblat marang kabudhayan manca dadi salah sijine bab kang ndadekake kesenian tradhisional sangsayan kaningaya. Kang sinebut globalisasi kuwi (kanggo nyebut saweneh gerakan, ora mung wantah kanyatan utawa kahanan) duwe maneka gegaman ampuh kalebu kanggo nginger selera-ne wong sangalam ndonya. Luwih-luwih kanggo para mudha saka negara-negara kang tansah keponthal-ponthal ngoyak kang ingaran kemajuan.

Wis ngono, yen ana tobongan kesenian rakyat ora payu, ora ana kang nonton, kang banjur disalahake kesenian rakyate, senimane, kreator-e, jare pancen ora bisa ngetut ajune jaman, ora bisa minangkani selera-ne kaum milenial. Saiki takkandhani, ana lo, sing nyoba ngetut selera milenial kuwi, nyatane pancen ya dadi payu. Contone cukup loro iki wae, lelagon, utawa lagu, ”Cucak Rawa Dawa Buntute” kae –embuh apa judhul asline kuwi, karo kang saiki lagi nge-tren: ”Gubug Asmara.” Arepa akeh kang seneng, yen dibiji saka bab bobot, kuwi keplorote adoh banget yen dibandhingake karo karyane seniman-seniman lawas.

Semono uga ing seni panggung, kaya kang wis dakkandhakake ndhuwur mau, nalika para pejabat melu-melu munggah panggung. Winawas saka bab bobot, ya blas ora nyanthol. Entuke ya gur ger-geran, guyon, mangayubagya le padha ora becus—kesusu keselak besus!

Baca juga:  “24 Jam Bersama Gaspar”, Sebuah Panduan Berbuat Jahat

Mula, yen para pejabat padha munggah panggung kuwi nyata niyate arep melu-melu nyengkuyung lan ngrembakakake kesenian tradhisional. Ora usah ndadak niteni mengko utawa sesuk. Saiki rak wis bisa dideleng asile. Apa? Asile? Ya, pancen mundhak pangkat, saka kesenian rakyat dadi kesenian pejabat. Tobaaaat, tobat!