MOJOK.COMilih caleg iki kaya milih tebu. Milih samubarang ora kanthi tliti tenan lan mung nyawang kahanane njabane.

Wong-wong kang wis duwe hak pilih kudune saiki wis nglelimbang mengko bakal nyoblos sapa wae. Caleg sapa kang dicoblos kanggo DPRD lan DPD Kabupaten, Provinsi, DPR lan DPD Pusat. Kuwi pilihane akeh, lan tumrap keh-kehane wong desa sadurunge mangsa kampanye babarpisan ora tau kenal lan sapejagong adu-arep.

Yen prakara milih presiden lan wakil presiden-e mbokmanawa kepetung gampang, amarga pilihane mung rong setel/pasangan: Jokowi-Ma’ruf Amin lan Prabowo-Sandi. Tur saben dina padha muncul ing televisi. Lha, para calon legislatif (caleg) kang mung tataran kabupaten lan provinsi? Selagine caleg DPR lan DPD Pusat wae mung siji loro kang kerep entuk kalodhangan muncul utawa dirasani ing televisi. Liyane? Upama kenala ya marga sadurunge wis dadi paraga ngetop kadidene aktor/aktris sinetron, penyanyi utawa lintang film.

Kamangka, ngetop kadidene aktris/aktor utawa penyanyi kuwi dudu jaminan satus presen manawa kepilih dadi anggota legislatif mengko bakal bisa nindakake ayahane kanthi becik. Kang pranyata nguciwakake, contone Anang Hermansyah, musisi lan penyanyi kondhang kuwi. Bareng dadi anggota legislatif (DPR-RI), melu gawe RUU Permusikan wae tibake malah nguciwakake lan dadi rerasanan ing kalangane para musisi. Ha, rak, nyolong pethek, ta?

Ana uga aktris/aktor kang ora pati sesambungan karo donyaning kesenian, ya kuwi aktris/aktor demonstrasi. Yen sampeyan kenal paraga-paraga saka kelompok kuwi—menawa isih rada mendhing—duwe pawitan bahan tetimbangan kanggo nibakake pilihan. Saora-orane, bisa digagapi, apa kang dadi kawigatene, apa kang diprihatinake, upamane: nasibe wong tani lan nelayan, njompange keadilan ing antarane buruh lan majikan.

Baca juga:  Anakku Ora Pinter Matematika Ora Popo, sing Penting Akhlak e Pener

Nanging, senajan ta wis duwe jeneng kondhang kadidene demonstran, tibake ya ora bisa didadekake jaminan satus presen. Jalaran, ya ana kalane mantan demonstran bareng wis dadi anggota legislatif malah mlempem, prasasat babarpisan ora ana suwarane. Ana maneh kang kosokbalen, kaladuk makantar-kantar, ing sajroneng sidhang apadene nalika wawancara ing televisi, omongane kaladuk ladak, kaya-kaya, rumangsane: dunia ini mung panggung demonstrasi. Ana contone? Ya, ana, mung ora prelu didumuk neng kene ben ora didemo!

Iku kabeh mau bakune mung kanggo nggambarake manawa satamene awake dhewe iki isih mapan ing kahanan kang sarwa mekekuk. Isih sarwa nanggung. Masyarakat isih durung melek wacan. Kang aran buta huruf pancen cacahe ora akeh. Nanging, kang mempeng memaca cacahe isih durung sepira.

Wong desa kuwi keh-kehane bakal seneng yen ditekani para caleg, dijaluki pangestu, dijanjeni ngene-ngene. Pokok mengko wayah pilihan nyoblos utawa nyontreng nomer semene, ya nomere kang mara dhayoh kuwi mau. Sokur bage sadurunge pamitan ninggali rokok utawa tukone mbako.

Merga sengara utawa mokal bisa ndhayohi kabeh omah ing dapil-e, adhakane njuk caleg kang wis dunung marang watak-wantune wong desa kuwi banjur nekani wong sing dipandhang berpengaruh, apa ketua RT apa tokoh pemuda, njuk dijak petung. ”Yen wong kene gelem kompak nyoblos aku, sesuk takgawakke kabel kanggo masang lampu jalan ing dhukuhan kene,” utawa, ”Yen bisa digerakke supaya mengko nyoblos aku, iki wis dakcepake wragat kanggo ngecor utawa mbeton dalan kampung kira-kira bisa rong atus utawa telung atusan meter.”

Baca juga:  Surat untuk Bu Ani Yudhoyono, Capres (Kita?) 2019

Yen warga masyarakat ngiyani, biasane tokoh masyarakat kang tau dipetung caleg kuwi mau njuk ngabarake supaya proyek bantuane enggal di-realisasi. Apa kang mengkono iku ora kena diarani money-politic? Mesthine ya kena. Nanging, tumrap wong desa, janji-janjine para caleg manawa mengko yen kepilih bakal berjuwang ngene berjuwang ngono kuwi kabeh ora ana kang bisa nyanthol ing angen-angen. Utawa, menawa padha nganggep manawa kuwi kabeh mengko mung bakal dadi impen ngayawara. Lha, mula kang digawe paugeran ya sapa kang wani tombok lan aweh sumbangan marang masyarakat tur enggal kena dirasakake.

Lha, mengko piye yen cara mangkono kuwi banjur nuwuhake legislator kang seneng tumindak korup kanggo golek pulihan olehe wis cucul wragat akeh kanggo nyalon? Ya kuwi urusane para legislator, yen konangan ya mbrentek uga dadi urusane kepolisian utawa KPK. Kang cetha, nganti seprene rak durung ana wong sa-RT utawa sa-dhusun kang bebarengan mlebu pakunjaran merga tau nampa money-politic kang diwujudake sambungan listrik kanggo madhangi dalan utawa proyek betonisasi dalan.

Ing pinggir-pinggir dalan, saiki akeh gambar prejengan-prejengan anyar katon, ya prejengane para caleg kuwi. Sok ditambahi ukara kang dirancang kanggo narik simpatine calon pemilih: ”Wong kene wae,” utawa, ”Isih sedulur dhewe,” utawa, ”Insya-Allah amanah,” utawa, ”Berjuang demi rakyat.” Kabeh kuwi ukara kang becik, mandhes. Mung, ora cetha! Ora jelas. Luwih-luwih, ing panampane wong desa. Tegese, ora nggambarake mengko yen netepi janjine kuwi bakal kepriye polah-tandange ing sidang-sidang, ing endi mapane nalika ana kang nindhes sagolongan warga masyarakat. Ora jelas.

Baca juga:  Ngapain Ngurusin Golput? Mereka Nggak Sepenting Itu

Katrangan-katrangan kang sumebar lumantar tulisan kaya ta anane mantan napi koruptor kang padha gemrudug nyaleg sajake uga ora pati nyanthol ing angen-angene wong-wong desa. Mbokmanawa uga lagi padha sengsem nonton sinetron nalika kabar kuwi mau disiyarake lumantar televisi. Katambahan sumebare gambar-gambar, foto, lan tulisan ngenani para caleg kang sumebar pating tlecek turut pinggir dalan kang satemene ora aweh katrangan ngenani bibit-bobot-bebete para caleg, ing mangsa coblosan utawa contrengan mengko sajake bakal akeh kang pilih-pilih tebu.

”Pilih-pilih tebu,” kuwi paribasan kang tegese milih samubarang ora kanthi tliti tenan, mung nyawang kahanane njabane. Kamangka, tebu kuwi kang njabane alus, resik, sok njerone malah ora pati legi, utawa malah ana ulere. Bagus, pideksa, utawa ayu kinyis-kinyis kuwi dudu jaminan bobot-bibit-bebet-e caleg.