MOJOK.CO Iki riyaya, ayo padha apura-ingapura ya, Lur~

Luwih-luwih tumrape wong Jawa kang nggilut agama Islam, dina riyaya (Idul Fitri) tansah diarep-arep tekane kadidene dina kang kebak kabungahan. E, kok, malah seneng-seneng? Kudune rak malah sedhih, amarga pepisahan karo wulan (Ramadan) kang kebak rahmat.

Iki seneng merga ngerasa menang lumawan hawa nepsu sawulan wutuh? (Sik, apa golongan kang diarani mung entuk luwe lan ngelak iku uga kalebu menang?) Utawa seneng merga wis luwar saka kuwajiban pasa kang satemene kanthi sesidheman ditampa kayadene pasiksan?

Halah, arep seneng wae kok ndadak repot.

Eh, mbokmanawa nalare mengkene: Ya, saka olehe keladuk sedhih awit kudu pepisahan karo wulan kang kebak rahmat kuwi mula banjur digawekake cara kanggo nglipur ati. Ben aja kebacut sedhih, ben aja pepes atine, ben isih ana semangat kanggo nglakoni urip kanthi sabar lan produktif. Ora kaya bebasan anyar, ”Urip mung mampir olok-olokan.”

Maneka cara dicakake kanggo nyenyeneng ati kang sedhih: nganggo klambi anyar, mangan enak, uga sok ana kalane nganggo ndem-ndeman. Kang sinebut pungkasan kuwi klebu cara paling ekstrim kanggo nglalekake sedhih.

Loh, la apa oleh?

Iki mung nggambarake kahanan kang sok dumadi ing satengahe bebrayan, ora bab oleh utawa orane.

Mangan enak, kenduren, dana-driyah marang wong kang kepetung sekeng, lan anane galak-gampil (angpao), iku kabeh kalebu cara kanggo nyenyeneng ati lan nambah regenge swasana dina riyaya. Kalebu, toko-toko gedhe kang padha jor-joran diskon, senajan sadurunge, kanthi sesidheman, kabeh rega diundhakake.

Oh, isih ana maneh kang luwih agawe seneng. Para pegawe pamarentah kajaba nampa tunjangan hari raya isih bisa nampa gaji bulan fiktif. Kang diarani fiktif dudu gaji utawa bayarane, nanging wulan utawa sasine. Setaun kuwi rak sasine mung cacah rolas. Aja maneh kok olehe nyambutgawe, kang aran manungsa lan samubarang kang gemremet merga duwe nyawa kuwi ndalem setaun uripe ya mung rolas sasi. Lah, kok banjur ana kang diarani gaji ke-13 lan gaji ke-14? Kamangka, sabubare Desember wis mbalik Januari, ganti taun, ora mampir wulan Jalimber lan Markimber dhisik.

Baca juga:  Merayakan Ramadan dan Idul Fitri sebagai Seorang Katolik

Ora mung bebungah awujud THR lan gaji bulan fiktif, para pegawe pamarentah uga entuk libur dawa. Tumrap para urban, liburan kuwi cukup kanggo mertinjo bumi kelairane amrih bisa sungkem wong tuwa lan kangen-kangenan karo sedulur, sanak kadang.

Akeh kang negesi manawa acara paling pokok ing dina Idul Fitri iku ya apura-ingapura. Nyatane, kangen-kangenan, ngraketake paseduluran lan kekadangan iku nyatane luwih menjila. Apura-ingapura iku ya penting. Nanging, kejaba ora kudu kepethuk adu-arep, apura-ingapura kuwi rak bisa ditindakake lumantar tilpun utawa layang setrum (surel). Tur, ta, manawa kang dianggep paling pokok lan paling penting kuwi acara apura-ingapura, kudune kang diparani, disowani, utawa dipethuki luwih dhisik saprelu disuwuni pangapura kuwi: satru utawa paraga kang dianggep tau disalahi.

Coba mengko ayo dibuktekne, apa ing kacamaya (laman) medsos mengko ana (kudune: akeh) akun jokower kang nyuwun ngapura marang akun prabower utawa kosokbaline? Kang aran manungsa kuwi, senajan ngakua ora duwe mungsuh, mesthi tau kanthi sengaja gawe ora kepenake liyan, senajan ta kanthi pawadan kang (dianggep) bener. Eloke, malah pihak kang nate digawe ora kepenak atine kuwi padatane dilalekake utawa ora direken senajan wus teka dina Idul Fitri, momentum kang dianggep afdol kanggo apura-ingapura.

Lha, iya, ta? Byar pleleng, pendhak melek, kok ora ana pedhote kaum prabower lok-lokan ambek kaum jokower. Dalan tol wae ya dadi bahan lok-lokan. Jokower alok, ”Sugeng Riyadin, saiki sampeyan ngliwati Dalan Tol Pak Jokowi.” Elok, ta, bakdan kok nganggo nyemoni. Lah, sing disemoni ya kontan mak sengkring. Kepara malah kejeron panampa. Njuk nyengap, ”Rumangsamu, nggo mbangun kuwi dhuwite Pak Jokowi, apa? Kuwi ngono dalane wong akeh, dudu dalan pribadi.”

Iki lho, repote basa Indonesia. ”dalan tol Pak Jokowi” kuwi bisa ditegesi: dalan tol duweke Pak Jokowi, nanging uga bisa ateges, jalan bebas hambatan bernama Tol Pak Jokowi. Beda karo basa Jawa, angger nganggo e (dalane), kuwi lagi ateges ”duweke.”

Baca juga:  Perjalanan Pulang Terasa Lebih Cepat karena Kita Suka Harapan Palsu

Nanging, kuwi mengko ya isih diprekarakke dening prabower kanthi pawadan manawa dalan mung bisa dijenengi nganggo jenenge sok sapaa wae kang wus tilar donya tur nyandhang gelar: pahlawan.

Jokower mesthine ya ora kurang akal, njuk genti nyengap, ”Gek aturane mbahe sangkil ngendi kuwi! Dalan kuwi rak gaweyane manungsa. Wong selagine gunung sing yasane Gusti-Allah wae bisa dijenengi nganggo jenenge uwong tur dudu pahlawan.”

”Ana tenan, kuwi?”

”Bukit Soeharto! Kurang? Iki neh: Gunung Slamet. Tur, isih mendhing kuwi nganggo jenenge uwong. Tau weruh Gunung Salak? Gununge semana gedhene, kamangka salak kuwi mung sakepel. Ngono kuwi, lho, ya trima. Ora ana wong protes!”

”Gundhulmu kuwi!”

Ealah, ngunu terus ora bar.

Sing penting iki, muga-muga sawise Idul Fitri, lok-lokan kang sangsaya rame iku mengko ora manjilma pencak silat. Cukup silat lidah wae. Sokur malah bisa kandheg mung tekan imbal gojlogan kang malah nambah rakete paseduluran.

Sakliyani iku, mudhik, ngendhangi bumi kelairan, senajan kayangapa rekasane, ya dilakoni kanthi seneng. Tur, biasane malah dadi sapaket karo acara darmawisata.

Cekake, Idul Fitri kuwi wiwit jaman simbah-simbah biyen swasanane meriyah, wong-wong padha sumringah. Lha, njuk piye tumrape wong-wong kang satemene ora bisa babarpisan uwal saka kesusahan amarga: anak-anake kudu padha nganggo sandhangan sarwa anyar, kudu cepak jajanan, kudu nggawa oleh-oleh kanggo wong tuwa ing desa, kudu cepak galak-gampil kanggo para ponakan, lan sapiturute? Kamangka ora tau kenal THR, ora gaji ke-13 –wong neng kutha mung saderma dadi tukang luru rosok. Ana ta, kang kaya mangkono iku? Lho, ya ana! Mung, biasane wong-wong kuwi ya ngatonake polatan sumringah ing Riyaya Idul Fitri.



Tirto.ID
Loading...

No more articles