MOJOK.COAna sing kudu ditinggalake dening para wong duwe gawe, yaiku unen-unen kang disetel nggunakake corong Genderuwo nganti nyumplengne kuping. Jan, Sontoloyo tenan!

Kaya wis kena dipesthekake, sapungkure sasi Sura mbrudhul wong duwe gawe alias punya hajat. Mantu, ngrabekke, nyunatke utawa tetakan, kanthi ropyan-ropyan, ramen-ramen, nanggap iki-kuwi: wayang, ludruk, nggelar tayuban, lan sapiturute, kuwi kang diarani duwe gawe.

Yen mung nanggap elekton, nanging isih nampa amplop saisine saka para dhayoh, iku ya isih diarani duwe gawe, nanging nganggo embel-embel tembung: climen. Dene mantenan, tetakan, lan liya-liyane kang ora dipahargya kanthi nanggap iki-kuwi, tur ora nganggo acara nampa amplop saisine saka dhayoh, biyasane ora diarani duwe gawe.

Ing satengahe bebrayan (= masyarakat) sok ya ana wong utawa kulawarga kang hobi duwe gawe. Yen anak-anake wis mentas kabeh, amrih duwe alasan kanggo duwe gawe, sok direwangi nyilih anake sapa kono saprelu ditetak, dimantu, utawa dirabekke. Kang hobi duwe gawe ngono kuwi biyasane ya hobi buwuh utawa mbecek (= setor amplop saisine marang wong kang duwe gawe). Mula, satemene duwe gawe kuwi uga bisa dadi sarana kanggo mbethok ’arisan’.

Duwe gawe gedhen-gedhen, ramen-ramen, kuwi ya bisa dadi sarana kanggo pamer, yen omahe wis apik, senajan isih prelu ditambahi terob, yen bisa mbeleh kebo utawa sapi, yen bisa nanggap wayang dhalang kondhang, yen nggelar tayuban tandhake akeh, yen mengko olehe dhuwit becekan nganti atusan yuta repis. Senajan ta, sok ya mung aranan-aranan. Lha, piye olehe ora diarani aran-aranan, yen kasil ngimpun dhuwit becekan satus yuta repis, nanging utange kanggo wragat duwe gawe kuwi satus seket yuta repis wae isih punjul?

Baca juga:  Fadli Bikin Puisi Berjudul Sontoloyo, Politisi Lainnya Membalas dengan Karya

Piye carane ben dhayohe akeh? Ben oleh becekan akeh? Kabeh sedulur klebu kang mapan ing seje desa, seje kecamatan, seje kabupaten, ditekani, disuwuni pandonga lan diaturi rawuh ing dina ndata (=hari- H). Iku kang diarani ”suruh-suruh”. Sadurunge ana tumpakan, ya kanthi mlaku.

Dhek jaman mlaku ndlamak, acara suruh-suruh kuwi kudu wis diwiwiti saora-orane telung wulan sadurunge dina ndata. Sangsaya mendhing sawise ana tumpakan, pit montor bisa blusukan tekan saben omah. Banjur dibantu layang uleman. Banjur disiyarake lumantar ajang srawung kacamaya (= media sosial), lan lumantar pariwara ing radio komunitas.

Cekake, duwe gawe kuwi satemene mujudake srana kanggo nyambung lan sangsaya ngraketake paseduluran. Kajaba iku, duwe gawe kudune uga dadi benteng pungkasan kanggo njaga lestarine budaya urip gotong-royong, tulung-tinulung, uga melu-melu nglestarekake kesenian tradisional. Emane, yen nitik kanyatane, pranyata akeh bab kang kudune dijaga malah kaya ora pati entuk kawigaten, dene kang kudune wis ditinggalake malah isih diuri-uri. Contone?

Wedang. Senajan ana sing diarani wedang jahe, nanging ing desa yen wong mung ngarani wedang, biyasane kang dikarepake ya wedang kopi. Ing nggone wong duwe gawe, biyen wedang (kopi) kuwi dadi suguhan wajib. Kanggo ngracik wedang kuwi ing saben lingkungan wis ana ahline, wong loro utawa wong telu. Angger ana kang duwe gawe ing lingkungan kono, tukang gawe wedange ya wong kuwi-kuwi wae. Kanggo ngracik wedang kuwi padatane digawekake papan, pagenen mligi, misah saka pagenen kanggo adang. Dadi sangsaya penting merga wedang kuwi jarwa dhosoke: ngawe kadang.

Saiki, wis angel banget nemokake wedang ing nggone wong duwe gawe. Menawa murih luwih gampange saiki padha nggunakake banyu ing gelas plastik. Ditambah bungkus brekat lan liya-liyane kang uga nggunakake kanthong plastik, wis ora nggunakake godhong jati kaya dhek biyen, bisa dibadhe, bakal sangsaya akeh tumpukan uwuh (=sampah) plastik.

Baca juga:  Asem Londo, Si Asem yang Tidak Ada Asem-asemnya

Dhek biyen, sawernane jajanan tradisional bisa  ditemokake ing nggone wong duwe gawe, kaya ta: jenang, rengginang, emplek, ondhe-ondhe, kolong, tape ketan utawa tape singkong, limpung (= gedhang goreng), randha royal (tape goreng), lan sapiturute. Saiki? Mung kari jenang lan kala-kala rengginang. Liyane wis embuh menyang endi parane. Gantine, maneka roti utawa jajanan kang diimpor saka kutha, tur racak-racake ya dibuntel plastik!

Ing bab seje, ana kang kudune ditinggalake dening para wong duwe gawe, nut ing jaman kelakone, nanging malah kaya isih diuri-uri ing jaman milenial iki. Contone, musik utawa unen-unen kang disetel kliwat taker nganti nyumplengne kuping. Luwih-luwih yen akeh barengane ing saweneh kampung, ing urusan unen-unen kaya-kaya banjur padha jor-joran kualitas corong.

Saking gemrebege, arep omong-omongan karo sapepadhane tamu kanthi adu arep wae nganti kangelan. Dhek biyen pancen unen-unen kuwi disetel banter, setengah saking kanggo nuduhake papane kang duwe gawe marang dhayoh saka adoh. Lha, saiki rak wis digawekke rambu-rambu ing saben protelon utawa prapatan. Ndahneya kepenake yen suwara kuwi disetel nyemek-nyemek, kaya neng café-café kelas elite ngana kae, ya?

Sangsaya sontoloyo maneh yen mapane wis neng kutha, ing perumahan kang omah siji lan omah sejene mung keledan tembok, isih nduwe gawe kanthi nggunakake soundsystem kelas genderuwo ngono kuwi! Sangsaya sontoloyo yen wis kaya mengkono isih bisa pawadan: nglestarekake kabudayane wong desa!