• 43
    Shares

MOJOK.COGawean sinden iku halal. Gawean peninggalane leluhur sing kudu dirumat nganggo ati.

Ing wayah sore aku nongkrong dewean nang warung kopi sinambi nggarap gawean: nulis naskah drama. Pikiranku nglambrang merga ora ana ide sing metu. Njendel. Wis entek rokok sak bungkus lan wedang kopi rong gelas tetep ora isa nulis. Asem tenan, og. Rasane ki sebel banget, hawane pingin mbrakot meja warung. Aku ming isa meneng, ngalamun.

Sajroning ngelamunku mau ana wanita ayu nari ing awang–awang. Aku mesam–mesem dewe, kaya wong gendeng. Rada sauntara, dumadakan aku sadar mergo krungu suara “ehem…ehmm…” (iki udu Nissa Sabya lagi nembang ya). Mak jegagik, aku kaget banjur ndomblong merga ana wanita lungguh nang ngarepku.

“Yungalaahh… ana wanita kok manise kaya gerimis esuk.” unine batinku. Tak tamatke tenanan pancen endah pasuryane, werna kulite coklat susu milo, alise kaya mbulan arit, irunge cilik tur mbangir. Mbuh saka ngendi dununge wanita iku. Deweke persis wanita sing lagi nari ing awang–awang, wanita sing lagi wae tak lamunake. Tapi mosok saka donya lamunan isa metu pindah nang kasunyatan. Aja–aja ana dalan sing ngubungake donya lamunan lan kasunyatan. Ashh embuh.

“Dik, aku nunut lungguh kene ya…” Suarane lembut.

“Oh, santai wae, Mbak, sisan ngancani aku.” Balesku karo mesem.

Otomatis aku langsung kenalan nyebutke jeneng lan gaweanku sing dadi penulis amatiran plus tukang main pantomim. Semana uga deweke, kanthi seneng nyebutke Jenenge: Titik. Mergawene dadi sinden, hobine olahraga lan masak–masakan aneka werna kuliner Nusantara.

Baca juga:  Kiat Jitu Lulus Sastra Jepang UGM Tanpa Perlu Jago Bahasa Jepang

Aku meneng sedela, ndelengna pasuryane Mbak Titik sing wis setengah tuwa nanging isih ketok ayu. Kok ana wanita sing isih gelem dadi sinden? Miturutku penggaweane Mbak Titik iku rada langka, amerga dadi sinden iku rada abot. Apa maneh pandangan nang tengah masyarakat sing isih duwe pandangan miring marang sinden.

Gawean sing identike karo donya hiburan, seneng melek bengi lan seneng demenan ro wong lanang pirang–pirang. Nanging Mbak Titik nyebutne profesine kanthi bangga lan percaya diri.

Sithik–sithik aku takon babagan donya sing ditekuni. Mbak Titik ngecuprus njawab pitakonku sing kadang sok ramutu. Aku dadi ngerti yen sinden itu mbiyen–mbiyene penyanyi tunggal, ijen, lungguh nang mburi dalang ngiringi wayang kulit seka sore nganti tekan esuk. Beda ro sinden jaman saiki sing lungguhe nang sisih pinggir cedak penonton lan ana kanca sinden liyane sing ndampingi.

Apa maneh jaman saiki sinden lanang uga wis ana. Dadi ora patia abot nglakonine. Jaman wes berubah, nanging penggawean tetep kudu digemateni kanthi setya lan tresna. Aku sansaya seneng ngobrol ro Mbak Titik mergane tambah penasaran ngapa deweke milih dadi sinden, kok ora dadi Guru Taman Kanak-kanak, pengusaha laundry, perawat utawa ibu rumah tangga.

“Yen ing tawang ana lintang cah bagus…” Mbak Titik nembang sedela, suarane merdu lan nrenyeske atiku. Pancen dadi sinden iku ora isa disepelekake kudu isa ngolah vokal tenanan lan kudu komunikatif bisa nyenggak’i lan gegojekan nanggepi Ki Dalang supayane gayeng ora mboseni.

Dadi sinden iku pancen butuh ketrampilan khusus sing ora saben uwong bisa nglakoni. Saktemene Mbak Titik duwe pepinginan sajroning nglakoni dadi sinden.

Baca juga:  6 Tesis Kenapa Tengkorak Orang Kiri Tak Ada di Museum Manusia Purba Sangiran

“Ana karir wanita sing ora kalah ayu dibanding karir liyane kayata foto model, peragawati, presenter TV utawa penyanyi pop.” Ngono kandane deweke.

Saka pernyataane Mbak Titik iku isa diwaca yen deweke pingin nduduhke ora perlu khawatir didelok miring masyarakat, mengko masyarakat bakal sadar yen kabudayan leluhur iku kudu dilestarekna.

Gawean sinden iku halal, lan saiki tambah bergengsi. Gawean peninggalane leluhur sing kudu dirumat nganggo ati. Jaman saiki malah ana wanita saka mancanegara dadi pesinden profesional.

Apa tumon awake dewe mbesuke yen nyinaoni seni lan budaya luluhure nang mancanegara? Bakal getun tembe mburine yen sinden ilang saka tanah Jawa lan Nusantara. Jare Mbak Titik, sinden jaman saiki bayarane lumayan gede lan ora kudu tekan esuk nyambut gawene.

Ora krasa wektu wis jam rolas wengi.

“Dik, Mbak seneng isa ngobrol suwe. Saiki Mbak arep pamit mulih. Oh iya, kopi lan camilane Mbak sing traktir.” Kandane Mbak Titik tansah bungah.

“Wah maturnuwun ya, Mbak. Kok kesusu ana acara apa ta, Mbak?”, pitakonku iseng.

“Aku arep mulih, munggah nang awang–awang, Dik”. Mak jegagik, atiku tratapan krungu kandane Mbak Titik.

Mataku ngulatke Mbak Titik mlaku metu saka warung kopi nganti ngilang ing tengah wengi. Aku gela merga lali ora njaluk nomer handphone ne. Kapan maneh Mbak Titik mudun saka awang–awang.

Siji sing durung sempat tak kandakake saka obrolane ro Mbak Titik: nguri–nguri kabudayan iku kudu duwe nyali. Aja wedi–wedi.