Bocah Klithih Ing Yogya Apa Isih Isa Diarani Cah Nakal?

[MOJOK.CO] “Bocah nakal iki sing piye toh, Lur?”

“Sawijining malem Minggu, Mas Ong Hari mlaku dhewekan. Lagak lakune glelengan digagah-gagahne. Kathokan dawa blue jeans model cut bray, sepatonan jenggel, klambine dibledehke, lengene dilinthing ben ketok tatone sing wujud manuk bethet. Gelangan akar bahar. Sithik- sithik tangane nyilakake rambute sing gondrong, ben ketok kreyap – kreyap. Turut dalan lambene kemebul kaya sepur, amerga saben bar ngempag udud kebule disebulke menduwur. Klempuuss bull…”

Cerita ing ndhuwur iku ana sawijining malem Minggu tahun 80-an awal. Jamane Mas Ong Hari isih enom, umure isih kur-kuran tahun. Pawongan enom kaya Mas Ong Hari ngono iku wis kena diarani cah nakal. Apa maneh yen seneng mabuk, gitaran nang pinggir dalan, seneng ngompasi lan adu jotos. Jaman tahun semana iku, bahasa landane diarani jaman Cross Boy.

Saiki Mas Ong Hari wis umur sewidak tahun, rambute sing gondrong ireng kreyap-kreyap wis akeh uwane, wernane dadi mbladhus kaya kaos lawas kakehan dipepe. Tatone manuk  bethet wis ora seger maneh kaya kurang pakan lan ora tau diadusi. Bethet kuwi dadi mengkeret, kaya manuk emprit. Anggone nyandhang ya wis sopan: klambenan baju koko, sarungan lan pecisan merga aktif menyang kendurenan. Hobine saiki mancing iwak nang kali lan metheti manuk kutut nang pendapa omahe.


Jamane wis beda, wis ora ana cah enom sing nyandang kaya Mas Ong Hari. Sak umpamane ana mesti diarani cah nom aneh.

Jaman aku enom, bocah diarani nakal utawa mbeling ki nek senangane mbolos sekolah, nyekeli botol anggur neng pinggir dalan, karo sok-sok tawuran. Njuk dolan neng Sarkem utawa neng Sanggrahan (saiki panggonan kuwi wis ora ana). Aku mbiyen ya termasuk diarani nakal. Soale pernah digropyok ro wong kampung nalika nonton blue film rame-rame karo kanca-kancaku.

Baca juga:  Pengorbanan yang Perlu Kamu Lakukan untuk Dapat Rumah Murah di Jogja

Nanging nalika aku mulai kenal seni teater, energi mbelingku akhire ana salurane. Aku njuk sregep latihan, nulis naskah, nggawe puisi kanggo ngrayu cah wedok sing rata-rata padha nolak aku. Soale cah-cah wedok kuwi jebule luwih seneng ditraktir nonton film neng bioskop njuk diajak mangan bakso tinimbang maca puisiku kang isine soal rembulan, embun, lan langit sore.

Jaman saiki wis beda maneh. Cah-cah jaman saiki tansaya angel dititeni. Cah nom rambut gondrong tatonan durung karuwan isa diarani nakal, merga isa uga iku seniman utawa cah seneng nyandang nyeni alias eksentrik. Cah wadon sing tatonan ya wis akeh, model rambute di reka-reka, diwernani abang, kuning, biru, ijo, kaya lagu “Balonku Ada Lima”. Cah enom  jaman saiki wis arang sing nongkrong nang pinggir dalan, merga wis akeh panggonan nongkrong liyane, yaiku nang kafe utawa mall. Biasane pada ngobrol ngalor – ngidul lan dolanan kertu omben utawa empat satu, sing kalah dicoreti pathi kanji raine. Cah enom kaya ngono iku dudu cah nakal. Jenenge cah unyu-unyu sing kegiatane kuliah, mulih, dolan lan jajanan. Lha banjur sing kepiye cah nakal iku?

Definisi nakal miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia, yaiku ‘Suka mengganggu, tidak menurut, atau melanggar tatanan norma yang ada’. Bocah diarani nakal iku ana werna-werna, kayata cah seneng dolan ora tau sinau lan ora nggarap tugas seka gurune, njiwiti kancane, nylewengke duit seka wong tuwane, usil gawe rame nang kelas, dikandhani guru lan wong tuane ora manut, lan sapinunggalane. Nek neng  ndesaku, cah nakal iku bocah sing ora gelem macul nang sawah.

Baca juga:  Orang Biasa yang Ingin Menyelesaikan Masalahnya dengan Jadi Penjahat Jalanan

Ora mung nang kene, nang negara Jepang uga ana istilah “Itazura na Denwa” artine “Telpon Nakal”, yaiku telpon sing nglayani wong-wong kesepian butuh imajinasi seksual. Ngrungokne suara bekah-bekuh ah..uh…ah…uh…

Pancen akeh wernane tumindak nakal iku.

Lha saiki nang kutha Yogya lagi rame-ramene mbahas “Cah Klithih” yaiku bocah sing saba bengi, seneng nyilakani wong liya lan seneng tumindak kekerasan. Bocah kaya ngono iku kategorine dudu cah nakal maneh nanging wis klebu cah Kriminil. Ora ana perkara apa-apa njuk ngepruki uwong neng ndalan, ngrusak mobil, nyelurit wong tuwa sing lagi numpak sepeda motor. Jan nggegirisi. Nek kecekel polisi, prembik-prembik nangis. Tur gelem ra gelem ya akhire diculke maneh soale akeh sing ‘di bawah umur’. Utawa isih sekolah. Nek dikunjara, mesakke masa dhepane.

Ning nek ora diproses hukum, tansaya suwe tansaya brutal. Akeh uwong sing wedi lelungan wengi. Wedi nek apes diantemi lan dikepruki cah-cah klithih kuwi. Muga tulisan iki isa kanggo pepeling kanggo kabeh pihak menawa ‘aksi klithih’ kuwi wis dadi kaya teror sosial neng Yogya. Butuh kerja bareng antarane wong tuwa, tokoh masyarakat, pihak sekolah, lembaga sosial-masyarakat, pemerentah daerah, kepolisian, lan sak panunggalane.

Aku njur kelingan pesene Simbah: Aja ditiru tumindak seneng nyilakani liyan, merga ana hukum pidana lan hukum karmane. “Kuat awakmu, ora kuat anak putumu” iku ular-ulare simbah sing kudu dieling-eling. Saiki awakmu nyilakani liyan, mengko bakal kewales ing tembe mburine, yen dudu awakmu sing kewales, anak lan putumu sing bakal nanggung piwalese.

Baca juga:  Saka Kesenian Rakyat Dadi Kesenian Pejabat

Bali nang ceritane Mas Ong Hari maneh. Masiya wis tua, Mas Ong Hari isih produktif, deweke seneng uthak-uthik lungguh nang ngarep monitor, gawe desain artistik film, pementasan teater lan desain samak buku. Sak liyane iku deweke aktif gawe acara seni nang ndesane, kayata gejog lesung, kirab budaya lan ketoprakan. Saktemene Mas Ong Hari ora masalah diarani cah nakal. Amarga deweke duwe penemu: Bocah nom nakal iku lumrah, merga emosine isih labil, banjur tingkah lakune sakpenake dhewe, manut pikirane dhewe sing dianggep bener sanajan kurang pener yen ditrapke nang tatanan urip bendinan. Bocah nakal iku kudu sembada ro pikirane, nduweni ide kreatif  kanggo gawe karya, sukur bage migunani. Ngono.

Aku ya sarujuk karo panemune Mas Ong Hari. Bocah nakal alias ‘ana akal-e’ sejatine kuwi bocah kreatif sing sok pancen nduweni daya seni lan daya berontak kang gedhe. Kadang pancen rada nganeh-anehi. Kuwi beda karo cah kriminal sing nduweni hobi nyilakani uwong, tanpa sebab. Mung demi eksistensi diri sing ora jelas.

Sepisan maneh, pancen iki wis wayahe kabeh mikir jero soal fenomena bocah klithih ing Yogya. Ora perlu salah-salahan. Kuwi ora ngrampungi masalah. Kabeh kudu dirembug kanthi niat apik, kebak katresnan. Supaya Yogya tetep nyaman, kanggo urip bebrayan lan nguri-uri kabudhayan.