Rabi karo Wong Banten: Ujarku Sunda, Jebule Jawa

Rabi karo Wong Banten- Ujarku Sunda, Jebule Jawa MOJOK.CO

Rabi karo Wong Banten- Ujarku Sunda, Jebule Jawa MOJOK.CO

MOJOK.CONek ora rabi karo wong Cilegon, yakin, nyong ora bakal ngerti ana sing jenenge basa Jawa dialek Banten utawa basa Jawa Serang.

Ujare nyong, wong-wong nang Provinsi Banten kabeh pada ngomong nganggo basa Sunda. Tapi ya, jenenge bae wong minim pengetahuan, tebakane nyong kleru.

Nang Banten, ana rong basa sing dienggo: basa Sunda karo basa Jawa Serang. Bojoku, asli Cilegon, nek ngomong sehari-hari ya nganggo basa Jawa, pada karo nyong, tapi basa Jawa-ne basa Jawa Serang sing nggawe nyong mikir ping telung ewu disit nggo mencerna.

Kepriwe ora? Nang Cilegon (karo Serang), dialeke wis beda banget karo dialek sing umum nang Jawa Tengah lan Jogja. Sekilas, kayane tah mirip karo dialek asliku nang Cilacap, yaiku dialek Ngapak utawa Banyumasan. Tapi, mbasa dirungokna maning, jebul beda. Mirip logat Cirebonan.

Nek nang Jawa Tengah tembung-tembung sing ditulis “a” diwaca “o” (misale: pira diwaca piro) lan nang Banyumasan tetep diwaca “a” (tetep pira), nang Cilegon beda maning aturane. Huruf “a” nang akhir diwaca “e” (misale: pire). Huruf “e” wunine kayak huruf “e” nang tembung “tempat” utawa “teratai”. Pas nyong cerita ming kanca, deweke malah takon, “Lah, kayak basa Melayu, dong? Kayak Upin Ipin?”

Hmmm. Nek dipikir-pikir, bener juga. Kayak nang Upin-Ipin, tapi Upin-Ipine lagi ngomong basa Jawa nganggo dialek mirip Banyumasan dicampur Cirebonan. Wis kebayang urung? Kule Upin, iki Ipin!

Kepriwe ceritane, sih, deneng Serang karo Cilegon nang Banten malah bisa-bisa nganggo basa Jawa?

Nang duwur, nyong sempet nyebut-nyebut dialek Cirebonan. Jebul, nang jaman biyen, Cirebon karo Banten genah ana hubungane. Maulana Hasanuddin, putera Sunan Gunung Jati Sultan Cirebon Kedua mbiyen tau ngalahna Banten.

Konon, asale Kerajaan Banten ya sekang gabungan Cirebon karo Demak nang pesisir lor Pajajaran. Mulane, basa Jawa karo basa Cirebon akhire campur karo basa Sunda setempat lan basa Betawi sekang daerah sekitare: dadine basa Jawa Serang.

Pada karo basa daerah sing liyane, ana loro tingkatan basa Jawa Serang: kasar lan alus (bebasan). Mirip karo basa Jawa, kata “ora” (diwaca “ore”) duwe versi alus, yaitu “boten”.

Sayange, basa Jawa dialek Banten dianggep dialek kuno. Ora akeh wong-wong enom sing rajin nganggo basa kiye sehari-hari. Sebage pendatang nang Cilegon, nyong gur tau krungu wong-wong sepuh sing ngomong nganggo basa Jawa Serang. Sing enom ya ana, tapi ora akeh.

Perlu diakoni, fenomena basa daerah jarang dienggo generasi enom ana nang pirang-pirang daerah, ora nang Serang utawa Cilegon thok. Basa kuwe identitas. Bisa bae, wong-wong kiye lagi pengen duwe persona “kekinian” sing jelas ora bakal cocok nek ijik-ijik deweke ngomong nganggo basa daerah. “Bisa-bisa diguyu,” pikire.

Pikiran kayak kuwe kleru. Tapi, nek dirunut maning, nyatane ya ana bae wong-wong sing duwe sikap “rese” stadium sejuta. Saben ana sing ngomong nganggo basa Jawa, mesthi diguyu. Ora ming sing wis ngomong, sing isih meneng-meneng bae be cokan diganggu. Biasane, ditakoni sit alon-alon, “Heh, kowe sekang Cilacap, ya?”. Njur lanjut ditakoni, “Bisa ngomong Ngapak, dong?”

“Ya, bisa.”

“Jal ngomong ‘Nyong kencot.’”

“Nyong kencot.”

“HAHAHAHA! LUCU BANGET HAHAHAHA.”

Nek pola nang duwur kedadean bae, apa ya wong-wong dadi nyaman menonjolkan logat karo dialeke dewek-dewek? Emange kenangapa nek ana wong ngomong basa Jawa sing medhok utawa logate lucu, misale Banyumasan, Cirebonan, utawa Serang? Ora bisa nek ora diguyu apa ya?

Basa Jawa Serang nggawe nyong mikir disit sebelum ngerti artine, tapi nyong ngerti kepriwe rasane dadi penutur asli basa daerah. Dadi, seasing-asinge dialek kiye nang kupinge nyong, nyong, sebage pendatang anyar, ora bakal “balas dendam” dengan ngguyuni bojone nyong saben deweke lagi ngomong nganggo basa Jawa Serang. Selain demi mendukung pelestarian basa Jawa Serang, nyong juga ora bakal ngguyuni bojone nyong ya merga bojone nyong kuwe lagi ngomong Jawa Serang karo bapak ibune.

Ya masa nyong dikon ngguyuni mertuane nyong juga? Dadi mantu be urung setahun wis kakehan gaya….

MONGGO KULO ATURI MAOS Nalika Tayangan TV Melu Nyuntik Mati Profesi Dukun Bayi lan seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.

Exit mobile version