Drama Bu Risma lan Sinetron KPop Indosiar Tetep Ora Bisa Sedahsyat ‘Ikatan Cinta’

Drama Bu Risma lan Sinetron KPop Indosiar Tetep Ora Bisa Sedahsyat ‘Ikatan Cinta’ MOJOK.CO

Drama Bu Risma lan Sinetron KPop Indosiar Tetep Ora Bisa Sedahsyat ‘Ikatan Cinta’ MOJOK.CO

MOJOK.COApa persamaane KPopers karo warga Jakarta? Jawabane, lagi padha-padha geger. Tapi tetep ora bisa sedahsyat sinetron Ikatan Cinta.

Tri Rismaharini siki lagi seneng blusukan nang Jakarta, ceritane amarga deweke wis resmi ngantor nang ibu kota sebagai Menteri Sosial. Nanging, aksine kiye malah entuk kecaman karo nyinyiran netizen. Saben Bu Risma dilaporna nang media lagi kepethuk pemulung, ana bae wong sing yakin nek kuwe gur setting-an sekang tim Bu Risma men citra dirine keton apik nang masyarakat.

Ceritane, Bu Risma kepethuk pemulung nang daerah Sudirman-Thamrin. Padahal, miturut Kasatpol PP DKI, Jakarta Arifin, urung tau ana pemulung nang daerah kuwe. Nang media sosial, wong-wong Jakarta setuju: langka pemulung nang daerah Sudirman-Thamrin. Lah, mbasa disidak Mensos, kenangapa malah pada bermunculan?

KPopers, kayak wong Jakarta, uga lagi padha geger. Sebabe, sinetron Kisah Nyata Indosiar sing judule Bagaimana Menyadarkan Istriku yang Terlalu Terobsesi KPop. Sekang judule bae, wong sing “terobsesi KPop” uwis entuk cap elek nganthi kudu disadarna. Padahal, mbasa ditonton nganthi rampung, sing salah udu soal “terobsesi KPop”-e, nanging soal istrine sing matre lan bojone sing kelewat bucin.

Akeh wong misuh-misuh karo penulis cerita sinetron kiye. Kenangapa koh kudu gawa-gawa KPop nek jebul isine gur wadonan sing selingkuh karo wong liya? Apa maning, aksesori KPop sing ditampilna keton maksa banget lan malah dadi bahan geguyu nang medsos. Kiye jane niat cerita soal KPopers apa pancen pengen KPopers kesuh, sih? Nek tokoh sinetrone temenan seneng Korea, masa pas lagi mbahas drakor Start-Up, disebute ana Tim Ji Pyeong karo Tim Seo Dal Mi? Maksude sing nggo rebutan nang Start-Up kuwe Nam Do San apa kepriwe, Bos???

Cacat cerita lan carane cerita kuwe ditayangna nggawe penonton ora empati karo sinetron Kisah Nyata kuwe mau. Mbuh temenan apa ora kuwe kisah nyata; lah masa ngakune seneng boyband tapi pas nyanyi malah lagune Blackpink? Emange Jennie Blackpink wis ganti jeneng dadi Jono?

Nang kasus blusukane Bu Risma, netizen dadi sangsi amarga pemulunge keton santuy nggulung kabel headset smartphone-e, sing klebu barang mewah lan biasane ora diduweni pemulung. Padahal, bisa bae pemulung kuwe lagi suting acara Minta Tolong lan lagi ngetes kedermawanan wong-wong Jakarta. Pas urung entuk “mangsa”, eh malah Bu Risma teka lan nulungi si pemulung. Bu Risma langsung menang, tapi ora entuk hadiah sekang pemulunge soale deweke bakal dikirim ming kampung asale karo Bu Risma. Modyar~

Kayane, nek arep njiot empati sekang masyarakat, kabeh penulis skenario—nggo keperluan apa bae—kudu sinau karo sing lagi viral dina-dina kiye: sinetron Ikatan Cinta.

Sekilas, Ikatan Cinta kayak judul sinetron sing biasa-biasa bae lan ora spesial. Nanging, pas taun baru wingi, sinetron kiye tayang 3,5 jam non-stop nang RCTI. Bayangna! 3,5 jam! Wis kayak film Kuch Kuch Hota Hai bae durasine—kuwe be isih bersambung!

Konflik nang sinetron Ikatan Cinta digambarna relate karo wong-wong sing nonton, tur penyelesaiane uga cepet lan ora bertele-tele. Kuwe sebabe, penonton Ikatan Cinta dadi fanatik lan seneng banget ndeleng sinetron kiye seiklan-iklane.

Rama-biyunge inyong buktine.

Saking senenge karo Ikatan Cinta, rama karo biyunge inyong rela streaming RCTI nek deweke lagi ora nang ngarep TV pas jam tayange sinetron kuwe. Gayane wis kayak wong penting sing di-video call karo client kantor, jebul pas dideleng maning malah lagi nonton Mas Aldebaran karo Andin. Jan!

Sing luwih mencengangkan, rama karo biyunge nyong tau ngejak adine inyong, Tono, belanja nang supermarket sing terkenal paling lengkap sekabupaten. Tono manut-manut bae, itung-itung sisan dolan. Nanging, Tono mandan kaget amarga rama karo biyunge njioti jajanan sing akeh banget. Ana mi instan sekardus, wafer rong kardus, karo jajan-jajan liyane sing biasane dilarang dituku karo rama lan biyunge dewek. Tono mbatin, kiye udu lagi mimpi, mbok?

Bar dina kuwe, rama karo biyunge inyong ndeleng Ikatan Cinta karo mangan jajan sing dituku nang supermarket. Kiye kedadean nganthi pirang-pirang dina, nganthi akhire Tono penasaran lan melu nonton Ikatan Cinta.

Nang episode dina kuwe, ana adegan tokoh Ikatan Cinta mangan wafer keju sing merek-e padha karo sing dituku biyunge inyong. Nang adegan liyane, ana tokoh sing mangan mi instan sing persis padha karo mi sing dituku ramane inyong.

Tono langsung paham. Rama karo biyunge dewek jebul siki lagi ana ing masa-masa terobsesi Ikatan Cinta.

Inyong sing entuk laporane langsung mikir: Bisa ora, ya, nek inyong ngajukna proposal penulisan skenario Kisah Nyata Indosiar sing judule Bagaimana Menyadarkan Orang Tuaku yang Terobsesi Sinetron Ikatan Cinta?

WACANEN Ora Usah Dadi Petani yen Opo-opo seng Mbok Tandur Tukule Mung Utang karo artikel liyane nang rubrik RERASAN.

Exit mobile version